Monday 29 August 2011



اَلْحَمْدُ لِلّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَتُوْبُ اِلَيْهِ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ اَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى ءَالِهِ وَاَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. اَمَّا بَعْدُ: فَيَاعِبَادَ اللهِ : اُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَ اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَااَيُّهَا الَّذِيْنَ اَمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ اِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ

. يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَآءً وَاتَّقُوا اللهَ الَّذِيْ تَسَآءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَامَ إِنَّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا. يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا. يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا.

الله أكبر الله أكبر الله أكبر الله أكبر الله أكبر الله أكبر الله أكبر الله أكبر الله أكبر

Allahu Akbar 3x Walillahilhamdu.
Kaum Muslimin Rahimakumullah.

Saderengipun monggo kita sami tansah eling lan bersyukur dhumateng Allah swt, amargi enjang punika kula panjenengan sami taksih dipunparingi karunia ingkang ageng sanget, kulo panjenengan taksih dipun keparengaken gusti Allah pinanggih kaliyan Hari Raya Idul Fitri. Sasampunipun kula panjenengan sami, ngleksanakaken dhawuhipun Gusti inggih punika siyam Ramadhan. Kanthi bersyukur, insya Allah, Allah badhe nambahi karunia, kenikmatan dhumateng kita sami. Sanajan kawontenanipun inggih kados mekaten nika, kathah ingkang mastani sampun dumugi wolak-waliking zaman. Kali ilang kedhunge, pasar ilang kumandhange; Akeh udan salah mangsa, Akeh sing nentang agama, prikamanungsan saya ilang. Omah suci dibenci, omah ala saya dipuja. Ratu ora netepi janji, Wong tani ditaleni, panguwasa ngumbar angkara murka, nggedhekake duraka. Guru disatru. Wong utama padha ora wani, padha wedi ngajarake piwulang adi, salah-salah anemoni pati, Marang kiyayi gehtinge kepathi-pati. Wong apik ditampik, wong jahat munggah pangkat, Wong agung kesinggung, wong ala pinuja-puja. Wong salah dianggep bener, pengkhianat krasa nikmat, wong durjana saya sampurna. Wong bener thenger-thenger. Wong salah bungah-bungah. Sing curang garang, sing jujur kojur. Pedagang akeh sing keplanggrang, wong judi akeh sing dadi..

Wong golek pangan kaya gabeh diinteri. Sing kebat kliwat, sing telat sambat. Sing gedhe kesasar, sing cilik kecelik. Sing anggak ketunggak, sing wedi mati. Sing nekat mbrekat, sing jirih ketindhih. Sing ngawur makmur, sing ngati-ngati sambate kepati-pati, sing ngedan keduman, sing waras nggragas. Akeh wong nyambut gawe apik-apik padha krasa isin, luwih utama ngapusi. Wegah nyambut gawe kepingin urip mewah, ngumbar napsu angkara murka, nggedhekake duraka. Akeh bapa lali anak, akeh anak wani wong tuwa. Sadulur padha nyidra, kulawarga padha curiga, kanca dadi mungsuh, akeh manungsa lali asale. Ananging kita tiyang beriman, kedah tansah eling kalih kabecikan, kedah tetep bersyukur dhumateng Allah. Ngibadah dhumateng Allah. Dados tiyang ingkang utama

Mboten pareng lan mboten ilok menawi melu ngedan, amargi sak beja-bejane wong lali isih beja wong kang eling lan waspada. Mbenjang menawi sampun dumugi titi wancinipun, sing ala tumpes tapis wong sing padha mukir agama. Sing suci bakal dadi wiji, sing ora suci bakal dadi siti. Wong curang keplanggrang, wong jail ndrekikil. Durjana musna. Pengkhianat dipangan laknat. Sing dosa rekasa, sing salah nemoni susah.

Shalawat sarta salam mugi katur dhumateng Rasulullah nabi agung, Nabi Muhammad Saw. Ugi para sahabatipun, pendherekipun, lan mugi kita sami dados tiyang ingkang angsal syafaat saking kanjeng Nabi mbenjang ing dinten kiyamat.

Allahu Akbar 3x Walillahilhamdu.
Kaum Muslimin Rahimakumullah.

Wulan suci Ramadhan nembe kemawon nilaraken kita sami. Mengkering wulan Ramadhan punika mugi-mugi nilar tilas ingkang utami menggahipun kita sami inggih punika ngiyataken saha mantepaken taqwa kita dhumateng Allah swt. Supados taqwa punika saget kita wujudaken wonten ing gesang kita ing alam bebrayan, pramila kita kedah mangertosi hakikat taqwa ingkang sejatosipun.

Ali bin Abi Thalib r.a. nate ngendika negesi tembung taqwa nun inggih,

الْخَوْفُ مِنَ الْجَلِيْلِ وَالْعَمَلُ بِالتَّنْزِيْلِ وَاْلإِسْتِعْدَادُ لِيَوْمِ الرَّحِيْلِ وَالرِّضَا بِالْقَلِيْلِ

Ajrih dhumateng Ingkang Maha Mulya (Allah SWT), ngamalaken ingkang tumurun (Al Qur’an), siaga dhiri kangge ngadhepi dinten akhirat, rida (marem) dhumateng ingkang sekedhik.

Saking pangandikan punika, kita saget mendhet hakikat taqwa ingkang kedah wonten ing dhiri kita lan dados pratandha hasilipun ibadah Ramadhan kita.

Sepisan, الْخَوْفُ مِنَ الْجَلِيْلِ (ajrih dhumateng Allah). Salah satunggaling sikap ingkang kedah wonten ing salebeting jiwa kita inggih punika raos ajrih dhumateng Allah SWT. Ajrih ing ngriki boten kados ajrih kita dhumateng kewan galak sahengga kita nebihi Allah SWT, nanging kita ajrih dhumateng murka, siksa, lan adzabipun Allah. Punika ingkang kawastanan taqarrub ilallah (nyedhak dhumateng Allah). Kanthi makaten, tiyang ingkang ajrih dhumateng Allah SWT, piyambakipun boten badhe tumindak ingkang nalingsir saking pitedahipun Allah. Mboten bakalan culika, mboten bakalan tumindak dosa. Napa malih angkara murka.

Namung kemawon manungsa wonten kalanipun tumindak sasar lan lepat, awit saking punika menawi rumaos tumindak dosa, kita kedah enggal-enggal taubat dhumateng Allah SWT lan nyuwun pangapunten dhumateng sok sintena ingkang kita sulayani. Langkung utami malih menawi kalepatan punika wonten hukumanipun, kita nyuwun dipun hukum utawi ngukum diri kita piyambak (mu’aqobah) boten malah mlayu supados mboten dipun hukum kados dene tumindakipun para koruptor ingkang mlayu dhateng manca negari.

Allah SWT dhawuh ing firmanipun:

وَسَارِعُواْ إِلَى مَغْفِرَةٍ مِّن رَّبِّكُمْ وَجَنَّةٍ عَرْضُهَا السَّمَاوَاتُ وَالأَرْضُ أُعِدَّتْ لِلْمُتَّقِينَ

Lan padha enggal-enggala nyadhong ampunan saka Pangeran sira (Allah) lan surga sing ambane sak jembare langit lan bumi kang dicawisake tumrap wong-wong kang taqwa (QS Ali Imran [3]:133).

Minangka conto, ing jamanipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW wonten salah satunggaling wanita ingkang tumindak zina, nanging wanita kala wau getun kanthi getun ingkang saestu. Saking getunipun, wanita kala wau sowan Rasulullah nyuwun supados dipun hukum, nanging Rasulullah boten kersa ngukum karana wanita kala wau taksih ngandut putra hasil zinanipun. Wanita kala wau dipun dawuhi nengga ngantos lahiripun jabang bayi. Sasampunipun bayi lahir, wanita kala wau wangsul malih nyuwun dipun tindakaken hukuman, nanging Rasulullah dhawuh supados nengga anakipun umur 2 tahun. Anakipun jangkep umur 2 tahun, wanita kala wau nyuwun dipun hukum kanthi hukum rajam. Sasampunipun kalampahan hukum rajam ngantos pejah, Rasulullah nyolataken jenazah wanita kala wau. Sahabat Umar bin Khatab boten protes kenging menapa wanita pezina dipun sholataken? Kanjeng Nabi ngendikan:

لَقَدْ تَابَتْ تَوْبَةً لَوْ قُسِمَتْ بَيْنَ سَبْعِيْنَ مِنْ أَهْلِ الْمَدِيْنَةِ لَوَسِعَتْهُمْ وَهَلْ وَجَدْتَ أَفْضَلَ مِنْ أَنْ جَادَتْ بِنَفْسِهَا ِللهِ عَزَّ وَجَلَّ

Temen wanita iku wis taubat, sawijining taubat kang menawa taubat iku didum marang 70 penduduk madinah, mesthi nyukupi. Apa ana wong kang luwih utama katimbang wong kang masrahake awake marang hukum Allah? (HR. Muslim).

Punika kala wau contonipun tiyang ingkang ajrih dhumateng Allah. Pramila sanajan tiyang niku wau tumindak ala, nanging malah angsal kautaman, amargi purun mertobat dhumateng Gusti.

Allahu Akbar 3x Walillahilhamdu.
Kaum Muslimin Rahimakumullah.

Hakikat taqwa ingkang angka kalih miturut Ali bin Abi Tholib inggih punika, وَالْعَمَلُ بِالتَّنْزِيْلِ (ngamal kanthi dhasar wahyu ingkang katurunaken/Al-Quran).

Al-Quran dipun wahyokaken dening Allah SWT supados dados pitedah tumrapin tiyang gesang. Awit saking punika, tiyang ingkang taqwa, mestinipun sedaya amalanipun kadhasari wahyu Al Qur’an lan hadits, karana pangandikan lan tumindakipun Rasulullah SAW punika sedaya kadhasari wahyu Al-Quran.

Punika ngemu suraos bilih, kita kedah nyinau Al-Qur’an lan hadits. Mokal kita saget tumindak jumbuh kaliyan Al-Qur’an lan hadits menawi kita boten mangertosi isinipun Al-Qur’an lan hadits. Lan kita badhe mangertosi isinipun Al Qur’an lan hadits menawi kita purun nyinau Al Qur’an lan hadits. Kanthi makaten kita saget dados tiyang muslim ingkang sempurna kados pangandikan Allah SWT:

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُواْ ادْخُلُواْ فِي السِّلْمِ كَآفَّةً وَلاَ تَتَّبِعُواْ خُطُوَاتِ الشَّيْطَانِ إِنَّهُ لَكُمْ عَدُوٌّ مُّبِينٌ

Hai wong kang padha iman, mlebua menyang Islam sak kabehe, lan aja ngenut lakuning setan. Satemene setan iku mungsuhmu kang nyata. (QS Al Baqarah [2]:208).

Allahu Akbar 3x Walillahilhamdu.
Kaum Muslimin ingkang Bagya Mulya.

Angka tiga, hakikat taqwa miturut Ali bin Abi Thalib r. a. inggih punika

وَاْلإِسْتِعْدَادُ لِيَوْمِ الرَّحِيْلِ (nyiapaken dhiri kangge ngadhepi dinten akhirat).

Kematian punika minangka bab ingkang mesti badhe karaosaken dening saben makhluk ingkang gadhahi nyawa. Lan kita pitados bilih mati punika sanes pungkasaning gesang kita, nanging dados awal saking panggesangan enggal, inggih punika gesang ing alam akhirat ingkang mboten wonten matinipun. Sekeca lan botenipun gumantung saking keimanan lan amal shaleh kita ing alam donya. Awit saking punika, tiyang ingkang taqwa badhe tansah nyiapaken dhiri kangge ngadhepi dinten akhirat kangge gayuh kabegjan wonten ing suwarga.

.Awit saking punika Allah swt ngengetaken kita sedaya:

قُلْ إِنَّمَا أَنَا بَشَرٌ مِّثْلُكُمْ يُوحَى إِلَيَّ أَنَّمَا إِلَهُكُمْ إِلَهٌ وَاحِدٌ فَمَن كَانَ يَرْجُو لِقَاء رَبِّهِ فَلْيَعْمَلْ عَمَلًا صَالِحًا وَلَا يُشْرِكْ بِعِبَادَةِ رَبِّهِ أَحَدًا

Sing sapa wonge ngarep-arep pasamuan karo Gustine(Allah), mula padha ngamalo kanthi amal shaleh lan ora pisan-pisan nyekutoake Allah ana ing sajroning ibadah" (QS Al Kahfi [18]:110).

Allahu Akbar 3x Walillahilhamdu.
Kaum Muslimin ingakng Kamulyakaken Allah SWT.

Hakikat taqwa ingkang angka sekawan miturut Ali bin Abi Thalib r.a. inggih punika

وَالرِّضَا بِالْقَلِيْلِ

(ridha dhumateng ingkang sekedhik). Ridha meniko artosipun marem, mboten protes, mboten mangkel, mboten gersula menawai nampi pandumipun Allah swt.

Kita mesti kepingin pikantuk samukawis, utaminipun bandha donya ingkang kathah. Sahengga saget nyekapi kebetahan diri kita lan keluarga. Nanging kepinginan punika boten mesti jumbuh kaliyan kawontenan. Wonten kalanipun kita pikantuk kathah, nanging ing kawontenan sanes wonten kalanipun kita pikantuk sekedhik, malah sok sekedhik sanget sahengga kabetahan kita boten kacekapi. Menggahipun tiyang ingkang taqwa, kathah punapa sekedhik katampi kanthi syukur lan tebih saking sifat sumelang punapa dene gersula ing Allah. Tiyang taqwa tansah nampi kanthi ridho lan sabar. Punika ingkang kawastanaan qona’ah.

Korupsi ingkang dados penyakiting bangsa ing wekdal punika sejatosipun kadadosan amargi kathah tiyang ingkang boten ridha nampi pandume Gusti. Sanajan menawi kaukur kanthi kebetahanipun, sejatosipun sampun cekap. Koruptor sami boten saget syukur amargi sifat srakahipun lan boten qona’ah nampi rezeki saking Allah SWT. Awit saking punika Allah SWT ngengetaken kita kanthi Firmanipun:

وَلاَ تَأْكُلُواْ أَمْوَالَكُم بَيْنَكُم بِالْبَاطِلِ وَتُدْلُواْ بِهَا إِلَى الْحُكَّامِ لِتَأْكُلُواْ فَرِيقًا مِّنْ أَمْوَالِ النَّاسِ بِالإِثْمِ وَأَنتُمْ تَعْلَمُونَ

Lan aja sira pangan bandha saka saperangan bandhane wong liya kanthi cara kang bathil lan sira aja nggawa urusan bandha marang hakim, supaya sira bisa mangan saperangan bandhane wong liya kanthi tumindak dosa kamongko sira mangerteni. (QS Al Baqarah [2]:188).

Saking keterangan ing nginggil, saget kapendhet sarinipun bilih taqwa dhumateng Allah punika mbetahaken usaha ingkang saestu. Kanthi makaten kita saget taqwa ingkang leres. Menawi kita saged bertaqwa ingkang sejati, kita mboten ajrih wontenipun wolak-walike jaman.

Ora geter, ora wedi, yen akeh udan salah mangsa, banjir bandang ana ngendi-endi, gunung njeblug tan anjarwani tan angimpeni. Menawa bumi sangsaya suwe sangsaya mengkeret. Sakilan bumi dipajeki. Wong sing iman ora bakal wedi.

Wolak-walike jaman kedadeyan menawa pemimpin asor imane, panguwasa padha korupsi. Rakyat sambat kelantur-lantur. Kana-kene saya angkara murka. Tangga padha curiga. Maling lungguh wetenge mblenduk. Maling wani nantang sing duwe omah. Begal pada ndhugal. Rampok padha keplok-keplok. Akeh wong dakwa dinakwa. Wong sing atine suci saya dibenci, wong sing jahat lan pinter njilat saya oleh drajat, wong dosa sentosa. Ukuman Ratu ora adil, akeh pangkat jahat lan jail, akeh kelakuan sing ganjil. Akeh wong apik-apik padha kepencil. Akeh wong ngedol ngelmu, akeh wong ngaku-ngaku, njabane putih njerone dhadhu. Ngakune suci nanging palsu. Akeh wong omah-omah padha bubrah. Wong wadon panganggone lanang. Akeh ibu padha ngedol anake. Akeh wong wadon ngedol awake. Akeh wong wadon ora setya marang bojone. Dene wong lanang ilang kaprawirane.

Menawa ana jaman ingkang kados kasebat, tiyang ingkang nggadhahi iman kang sejati, tetep badhe angsal sih lan tresna saking gusti. Gesangipun tansah nampi kautaman. Titi tentrem kerta raharja. Pungkasanipun sumangga kita nyenyuwun dhumateng Allah kanthi doa Mugi-mugi kula panjenengan saget dados tiyang kanthi takwa ingkang sejati:

يَا أَيُّهَا الْمُؤْمِنُوْنَ، اِتَّقُوا اللهَ تَعَالَى حَقَّ تُقَاتِهِ، وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ وَمَلاَئَكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَالتَّابِعِيْنَ أَجْمَعِيْنَ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ

. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ. اَللَّهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ، وَأَرِنَا الْبَاطِلَ باَطِلاً وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ

اَللّهُمَّ اِنَّ الضُّحَاءَ ضُحَاءُكَ وَالْبَهَاءَ بَهَائُكَ, وَالْجَمَالَ جَمَالُكَ, وَالْقُوَّةَ قُوَّتُكَ وَالْقُدْرَةَ قُدْرَتُكَ, وَالْعِصْمَةَ عِصْمَتُكَ

اَللّهُمَّ اِنْ كَانَ رِزْقِى فِى السَّمَاءِ فَاَنْزِلْهُ وَاِنْ كَانَ فِى اْلاَرْضِ فَاَخْرِجْهُ وَاِنْ كَانَ مُعَسِّرًا فَيَسِّرْهُ وَاِنْ كَانَ حَرَامًا فَطَهِّرْهُ وَاِنْ كَانَ بَعِيْدًا فَقَرِّبْهُ بِحَقِّ ضُحَائِكَ وَبَهَائِكَ وَجَمَالِكَ وَقُوَّتِكَ وَقُدْرَتِكَ اَتِنِى مَااَتَيْتَ عِبَادَكَ الصَّالِحِيْنَ

اَللَّهُمَّ انْصُرْنَا فَاِنَّكَ خَيْرُ النَّاصِرِيْنَ وَافْتَحْ لَنَا فَاِنَّكَ خَيْرُ الْفَاتِحِيْنَ وَاغْفِرْ لَنَا فَاِنَّكَ خَيْرُ الْغَافِرِيْنَ وَارْحَمْنَا فَاِنَّكَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ وَارْزُقْنَا فَاِنَّكَ خَيْرُ الرَّازِقِيْنَ وَاهْدِنَا وَنَجِّنَا مِنَ الْقَوْمِ الظَّالِمِيْنَ وَالْكَافِرِيْنَ.

اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ لَنَا دِيْنَناَ الَّذِى هُوَ عِصْمَةُ أَمْرِنَا وَأَصْلِحْ لَنَا دُنْيَانَ الَّتِى فِيْهَا مَعَاشُنَا وَأَصْلِحْ لَنَا آخِرَتَنَا الَّتِى فِيْهَا مَعَادُنَا وَاجْعَلِ الْحَيَاةَ زِيَادَةً لَنَا فِى كُلِّ خَيْرٍ وَاجْعَلِ الْمَوْتَ رَاحَةً لَنَا مِنْ كُلِّ شرٍّ

اَللَّهُمَّ اقْسِمْ لَنَا مِنْ خَشْيَتِكَ مَاتَحُوْلُ بَيْنَنَا وَبَيْنَ مَعْصِيَتِكَ وَمِنْ طَاعَتِكَ مَا تُبَلِّغُنَابِهِ جَنَّتَكَ وَمِنَ الْيَقِيْنِ مَاتُهَوِّنُ بِهِ عَلَيْنَا مَصَائِبَ الدُّنْيَا. اَللَّهُمَّ مَتِّعْنَا بِأَسْمَاعِنَا وَأَبْصَارِنَا وَقُوَّتِنَا مَا أَحْيَيْتَنَا وَاجْعَلْهُ الْوَارِثَ مِنَّا وَاجْعَلْهُ ثَأْرَنَا عَلَى مَنْ عَاداَنَا وَلاَ تَجْعَلْ مُصِيْبَتَنَا فِى دِيْنِنَاوَلاَ تَجْعَلِ الدُّنْيَا أَكْبَرَ هَمِّنَا وَلاَ مَبْلَغَ عِلْمِنَا وَلاَ تُسَلِّطْ عَلَيْنَا مَنْ لاَ يَرْحَمُنَا

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اَلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ اِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَاتِ.

رَبَّنَا اَتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى الأَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.

Karingkes saking pinten-pinten sumber dening: Lis al Mbatuni dan dikembangkan Dwi Wahyudi, S.Pdi

Subscribe to RSS Feed Follow me on Twitter!