Wednesday 17 April 2013

Ujian nasional selalu mengundang pro dan kontra di kalangan pakar pendidikan di Indonesia. Ada yang begitu getol dan terus mengampanyekan menolak. Ada pula yang ngotot untuk harus tetap dilaksanakan. Lepas dari pro dan kontra tersebut, para guru tetap harus menjalankan tugas yang diamantkan dalam sistem pendidikan nasional. Salah satunya adalah ujian nasional tetap dilaksanakan.
Pelaksanaan berbagai kegiatan, seperti ujian nasional, dituntut adanya administrasi yang baik. Berikut ini adalah contoh administrasi ujian nasional tahun 2012/2013 lengkap dari SK Sekolah sampai lampiran-lampiran. Berikut ini anda bisa mengambilnya untuk dijadikan acuan.
Anda bisa mendownloadnya disini.


إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. وَأَشْهَدُ أَنَّ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَآءً وَاتَّقُوا اللهَ الَّذِيْ تَسَآءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَامَ إِنَّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا.
يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا. يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا.
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحِسَانِ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ
Maasyiral muslimin rakhimakumullah!
Saderengipun, monggo kula panjenengan sami tansah eling lan bersyukur dhumateng Allah swt, amargi wekdal punika kula panjenengan sami taksih pinaringan karunia ingkang kathah. Saengga, kula panjenengan sami saged makempal wonten masjid punika kangge ngleksanakaken shalat Jumat, kangge mujudaken pangabekti kula panjenengan sami dhumateng Allah swt. Sok sinteno ingkang syukur dhumateng Allah, Allah badhe nambahi nikmat ingkang kathah. Lan tiyang ingkang mboten purun bersyukur, kanthi ngibadah ngabekti dhumateng Allah, mbenjang Allah badhe nyiksa kanthi siksa ingkang awrat sanget.
Jamaah jum’ah rahimakumullah...
Wonten ing salah satunggaling riwayat, Nalikane sedasa ayat wiwitan saking surat Al Mukminun dipunturunaken/Rasulullah ngangkat astanipun lajeng ndedonga ‘Ya Allah... panjenengan tambahi kawula/lan ampun panjenenengan kirangi. Panjenengan mulyakaken kawula//ampun panjenengan asoraken kawula. Panjenengan paringi kawula lan ampun alang-alangi kawula. Panjenengan utamakaken kawula lan ampun wonten ingkang langkung utami saking kawula. Dadosaken supados kula lan kaum muslimin ridha dhumateng panjenengan. Lan panjenengan ridha dhumateng kula lan kaum muslimin.”
Mekaten doa nipun kanjeng nabi dhumateng Allah swt. Salajengipun Rasulullah ngendika dhumateng para sahabat “Allah wis nurunake sepuluh ayat, sapa wonge sing nindakake kesaenan kaya dene ing sepuluh ayat iku, Allah bakal mapanake dheweke ing Surga Firdaus.”
Jamaah jum’ah rahimakumullah...
Sedasa ayat ingkang kasebat inggih menka Surat Al Mukminun ayat 1 - 10
قَدْ أَفْلَحَ الْمُؤْمِنُونَ {1} الَّذِينَ هُمْ فِي صَلاَتِهِمْ خَاشِعُونَ {2} وَالَّذِينَ هُمْ عَنِ اللَّغْوِ مُعْرِضُونَ {3} وَالَّذِينَ هُمْ لِلزَّكَاةِ فَاعِلُونَ {4} وَالَّذِينَ هُمْ لِفُرُوجِهِمْ حَافِظُونَ {5} إِلاَّعَلَى أَزْوَاجِهِمْ أَوْمَامَلَكَتْ أَيْمَانُهُمْ فَإِنَّهُمْ غَيْرُ مَلُومِينَ {6} فَمَنِ ابْتَغَى وَرَآءَ ذَلِكَ فَأُوْلاَئِكَ هُمُ الْعَادُونَ {7} وَالَّذِينَ هُمْ لأَمَانَاتِهِمْ وَعَهْدِهِمْ رَاعُونَ {8} وَالَّذِينَ هُمْ عَلَى صَلَوَاتِهِمْ يُحَافِظُونَ {9} أُوْلاَئِكَ هُمُ الْوَارِثُونَ
Ingkang artosipun, “Sakbenere beja banget wong-wong kang beriman iku, yaiku wong-wong kang khusyu sajroning sholate, lan wong-wong kang ngedohi saka pocapan lan tindak-tanduk kang ora migunani, lan wong-wong kang mbayar zakat, wong-wong kang njaga kehormatane kajaba marang garwane utawa budhak sing diduweni, sak benere dheweke iku ora tercela. Sing sapa wonge golek sing luwih saka iku, mula dheweke iku kagolong wong kang ngluwihi wates. Lan wong-wong kang njaga amanah lan janjine, lan wong-wong kang njaga sholate. Wong-wong kang kaya mengkono iku kang bakal marisi surga Firdaus. Dheweke urip ing sajrone kenikmatan salawase.”
Maasyiral muslimin rakhimakumullah!
Salah satunggaling dinten Rasulullah tanglet dhumateng para sahabat, “Waha para sahabat, apa kowe wis padha beriman?” Umar njawab: “Inggih, kawula sampun beriman kanjeng nabi!” Rasulullah lajeng ngendika: “Apa tandhane menawa kowe wis padha beriman?” Umar njawab:”Kawula sabar nalika dipun coba, ridha dhumateng keputusanipun Allah, lajeng bersyukur dhumateng pagesangan kawula.” Lajeng Rasulullah bersabda: “Kowe kabeh iku kalebu wong kang beriman. Demi Allah, iman iku sabar, syukur lan ridha.”
Wonten ing salah satunggaling hadis Qudsi Allah swt berfirman “Menawa Aku nguji marang kawula-Ku babagan bandha utawa anak utawa jiwane, terus dheweke nrima lan sabar, mula ing dina kiamat Aku (Allah) ngerasa isin lan bakal paring timbangan utawa nggampangake pengadilan marang dheweke. Aku (Allah) bakal mapanake ing Surga tanpa hisab. “
Maasyiral muslimin rakhimakumullah!
Ing zaman samangke, kathah kaum muslimin ingkang mboten nate mlebet masjid, mboten solat, lan sampun nilaraken tuntunan agami. Kahanan ingkang kados mekaten tentunipun, sanget mrihatinaken. Dheweke ngaku Islam, nanging menika namung dumugi saking lathi kemawon. Amargi kasunyatanipun, saben dintene // tiyang kala wau tebih saking aturan Islam. Sampun jelas tiyang-tiyang ingkang kados mekaten kala wau // tentunipun sanes kagolong tiyang ingkan badhe angsal kabegjan, pitulungan, lan kamulyan saking gusti Allah. Kados dene ingkang dipunterangaken wonten ing surat Al mukminun: Qad Aflahal mukminuun. “Sakbenere beja banget wong-wong kang beriman iku.”
Allah lajeng berfirman ingkang artosipun:”Inggih menika tiyang-tiyang ingkang khusyu’ wonten ing sholatipun.”
Maksud saking ayat punika inggih punika, tiyang-tiyang mukmin menika ngleksanakaken shalat kados dene tiyang ngagem rasukan wonten ing raganipun. Rasukan menika  badhe nutupi tiyang kala wau saking benter lan asrep. Shalat inggih badhe paring pengayoman dhumateng tiyang ingkang nglaksanakaken // saking azab neraka jahannam. Khusyuk menika saget kalampahan saking manah ingkang ngresepi ugi antengipun raga. Aisyah r. a. nate ngendika: “Menawa wektu shalat, kanjeng nabi kaya-kaya ora kenal marang aku, lan aku ya kaya-kaya ora kenal marang piyambake. Khusyuk iku ya kaya mengkono iku.” Mekaten ngendikanipun Aisyah.
Kaum muslimin rahimakumullah ...
Shalat khusyuk menika kados dene ingkang dipuncontohaken sahabat ingkang asma Urwah bin Zubeir. Nalikanipun sukunipun Urwah kenging pedang, lajeng para tabib ngendika menawi sukunipun kedah dipun amputasi. Urwah bin Zubeir shalat kanthi kusyuk supados salebetipun dipun amputasi, Urwah mboten ngraosaken sakitipun.
Allah swt ugi nitahaken supados para manungsa ndadosaken shalat kangge njaga saking musibah lan pacoban. Lan menawi angsal bebaya. Shalatipun ingkang badhe nulungi. Kados ingkang dipunfirmanaken wonten ing surat Al Baqarah: 45.
وَاسْتَعِينُوا بِالصَّبْرِ وَالصَّلاَةِ وَإِنَّهَا لَكَبِيرَةٌ إِلاَّ عَلَى الْخَاشِعِينَ
Artosipun: “Dadekno sabar lan shalat iku bisa nulungi awakmu. Lan sakbenere sing kaya mengkono iku abot banget, kajaba kanggone wong-wong kang khusyuk shalate”
Wonten ing ayat menika//sejatosipun shalat niku saget nulungi kula panjenengan sami saking bebaya, musibah, lan pageblug. Ananging ndadosaken shalat supados saged dados pitulung menika awrat sanget. Kajawi kanggenipun tiyang ingkang khusyuk ing salebeting sholatipun. Namung kemawon//kadhang shalat kula panjenengan sami menika dereng berkualitas ingkang sae. Kadhang namung sekadhar ngguguraken kewajiban. Shalat dipun lampahi nanging dereng kanthi reseping manah, dereng saget khusyuk ing salebeting shalat. Menwai mekaten, tentunipun shalat dereng saged paring manfaat, dereng saged paring pitulungan dhumateng piyambakipun.
Shalat ingkang khusyuk, menika ugi saged dados margi kangge ngrampungi sedaya masalah lan ruwetipun gesang. Kanthi shalat khusyuk//Allah ugi badhe nggampilaken turunipun rezeki dhumateng kula panjenengen sami. Allah badhe paring ketenangan bathin, ugi kantentreman wonten ing salebeting gesang menika. Lan ingkang langkung penting, inggih menika,// shalat khsuyuk saged nglebetaken manungsa dhumateng Surga Firdaus. Inggih menika surga ingkan paling inggil.
Supados shalat kula panjenengan menika khusyuk, kedahipun, shalat ingkang kula panjenengan lampahi menika, nyonto dhumateng shalatipun kanjeng nabi. Kanjeng nabi nate bersabda:

Shollu kama ro aitumuni usholli...
Sholato kaya dene kowe kabeh pada ndeleng anggonku shalat.
Shalat saged khusyuk menawi ndherek angger-angger saking kanjeng nabi, mboten nambahi, mboten ngirangi. Lan dipun lampahi kanthi estu-estu. Nglurusaken niyat dhumateng Allah, lan dipun persiapaken ingkang sak sae-sae nipun. Menawi shalat kula panjenengan sampun khusyuk. Insya Allah Allah badhe nurunaken manfaat ingkang kathah kados kasebat ing ngajeng dhumatne kula panjenengan sami. Mugi-mugi kula panjenengan tansah angsal pitulungan ugi pitedah saking Allah swt, saengga kula panjenengan sami saged nglaksanakaken shalat kanthi khusyuk. Kanthi shalat ingkang khusyuk. Mugi-mugi Allah paring pitulungan, paring pangayoman, lan katentreman dhumateng kula panjenengan sami. Amin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ.
وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ -أَقُوْلُ قَوْلِي هَذا أَسْتَغْفِرُ اللهَ إِنّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرّحِيْمِ

KHUTBAH KEDUA
الْحَمْدُ ِللهِ ، الْحَمْدُ ِللهِ حَقَّ حَمْدِهِ *  أَشْهَدُ أَنْ لآ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ  شَهَادَةَ عَبْدِهِ  *  وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الْوَفِيُّ بِعَهْدِهِ *  صَلَّـى اللهُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلهِ وَأَصْحَابِهِ مِنْ بَعْدِهِ *  وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا *  أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا اللهَ تَعَالَى * وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ تَعَالَى أَمَرَكُمْ أَمْرًا عَمِيْمًا *  فَقَالَ تَعَالَى: إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ. يَآأَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا *  اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ سَيِّدِ الْمُرْسَلِيْنَ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَالتَّابِعِيْنَ *  وَتَابِعِ التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنَ *  وَارْحَمْنَا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ *
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ * وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ * إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُّجِيْبُ الدَّعَوَاتِ *  اَللَّهُمَّ اْنصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ *  وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ الْمُسْلِمِيْنَ  *  أَللَّهُمَّ أَهْلِكْ أَعْدَاءَ الدِّيْنَ *  وَأَلِّفْ بَيْنَ قُلُوْبِ الْمُؤْمِنِيْنَ *  وَفُكَّ أَسْرَ الْمَأْسُوْرِيْنَ * وَفَرِّجْ عَنِ الْمَكْرُوْبِيْنَ * وَاقْـضِ الدَّيْنَ عَلَى الْمَدْيُوْنِيـْنَ * وَاكْتُبِ اللَّهُمَّ السَّلاَمَةَ عَلَيْنَا * وَعَلَى الْغُزَّاةِ وَالْمُجَاهِدِيْنَ وَالْمُسَافِرِيْنَ *  إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ *  
اَللَّهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ، وَأَرِنَا الْبَاطِلَ باَطِلاً وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ. رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا*رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلإِخْوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بالإِيـْمَانِ*  وَلاَ تَجْعَلْ فِيْ قُلُوْبِنَا غِلاًّ لِّلَّذِيْنَ آمَنُوْا رَبَّنَا إِنَّكَ رَؤُوْفٌ رَّحِيْم  * رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُوْنَ، وَسَلاَمٌ عَلَى الْمُرْسَلِيْنَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ

Monday 1 April 2013

السلام عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَاكَاتُهُ
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْهُ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. يَا أَيُّهَا النَّاسُ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. قَالَ تَعَالَى: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. قَالَ تَعَالَى: يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَآءً وَاتَّقُوا اللهَ الَّذِيْ تَسَآءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَامَ إِنَّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا. يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا. يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا.
أَمَّا بَعْدُ؛ فَإِنَّ أَصْدَقَ الْحَدِيثِ كِتَابُ اللهَ، وَخَيْرَ الْهَدْيِ هَدْيُ مُحَمَّدٍ صَلَّى الله عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَشَّرَ الأُمُورِ مُحْدَثَاتُهَا وَكُلَّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلَّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةٌ وَكُلَّ ضَلاَلَةٍ فِي النَّارِ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ.

Para sedherek Muslim ingkang minulya.
Mangga para sedherek kita ngaturaken taqwa lan syukur ing ngarsaning Allah SWT. Ingkang sampun maringi kanikmatan, kesenengan, rizki, lan panggesangan datèng kawulanipun, sahingga kanthi rahmating Allah ugi kita sedaya tetep wonten ing salebeting iman lan Islam.
Mugi rahmat saha salam kaparingna dateng panutan kita Nabi Muhammad SAW ingkang sampun kautus dening Allah supados nuntun umat manungsa nuju dateng margi ingkang leres.
Mugi-mugi kita sedaya kagolong ewoning para Muttaqin ingkang estu-estu taqwa dateng Allah tansah nindakaken dhawuhing Allah sarta nebihi awisanipun.
Para sedherek. Mangga kita sami tansah berjuang lan beramal kados dene ingkang sampun kagarisaken dening Allah SWT wonten syare’at agami Islam.
Sampun ngantos tumindak kita wonten ingkang nyimpang saking tuntunan agami ingkang suci supados gesang kita pikantuk rahmat sarta pangayomaning Allah SWT, wilujeng tentrem lan manggih kabegjan fid dun yaw al akhirah.
Sebab para sedherek.
Sampun dipun sebataken wonten ing Al Qur’an :

أَلآ إِنَّ أَوْلِيَآءَ اللهِ لاَخَوْفٌ عَلَيْهِمْ وَلاَهُمْ يَحْزَنُونَ
Ingkang jawinipun : “Elinga, satemene wong-wong kang dikasihi dening Allah iku ora ana rasa kuwatir tumrape wong-wong mau lan ora sedhih.”( Q.S. Yunus : 62)
Para sedherek hadlirin ingkang minulya.
Manawi kita setitekaken kawontenan gesangipun manungsa ing donya punika kenging kita umpamakaken kados dene tiyang kekesahan ingkang tebih nyabrang seganten ingkang kebak ombak nuju dateng pantai bahagia ingkang dipun idham-idhamaken , wonten ing margi wonten prahara lan angin ageng ingkang nggegirisi, sahingga manawi musafir kala wau boten ngatos-atos mesthi praunipun badhe kandhas lan kerem wonten ing tengahing samodro pungkasanipun boten saged dumugi tujuan ingkang dipun idam-idamaken.
Mila, jalaran manungsa punika inggih naming manungsa boten aneh manawi kathah idaman-idamanipun manungsa ingkang boten saged kadumugen boten sedaya ingkang dipun kajengaken dening manungsa mesthi kaleksanan boten sedaya ikhtiyaring manungsa ugi mesthi kasil.
Punapa sebabipun para sedherek. Inggih jalaran sak inggiling manungsa taksih wonten dzat ingkang kuwaos ingkang nemtokaken sedaya samukawis ing donya punika, inggih punika Allah SWT.
Jalaran miturut ajaran Islam donya punika wonten ing panguwaosipun Allah manungsa boten saged uwal saking panguwaosing Allah SWT.Awit saking punika para sedherek. Kanthi perjuanganing munungsa, manungsa dipun wajibaken dening agami ikhtiyar nebihi kejahatan lan kemungkaran.
Sampun ngantos manungsa nekat anglampahi bab-bab ingkang boten sae jalaran ingkang makaten punika boten cocok kaliyan fitrahing manungsa.
Para sedherek ingkang minulya. Manungsa kepengin pinter kedah berjuang ngupados ngelmu, kepingin sandhang tedha kedah ngagem kekiyatan ngupados sandhang tedha kanthi margi ingkang halal, boten kenging ngalamun namung ngajeng-ajeng dhawahing emas saking langit.
Jalaran saestunipun langit boten badhe jawah emas lan perak.
Para sedherek dipun sebataken wonten ing Al Qur’an :

Ingkang jawinipun : “Samangsa wis rampung shalat mula banjur padha sumebara kowe kabeh ana ing bumi lan padha goleka anugerah rizkining Allah lan kowe kabeh akeh anggone eling marang Allah SWT. supaya kowe kabeh oleh kabegjan.” (Q.S. Al Jumu’ah )
Ing ayat sanes dipun sebataken :
إِنَّ اللهَ لاَيُغَيِّرُ مَابِقَوْمٍ حَتَّى يُغَيِّرُوا مَابِأَنفُسِهِمْ
Ingkang jawinipun : “Satemene Allah ora bakal ngowahi apa kang disandhang dening sawijining kaum sahingga kaum mau ngreka daya, ngrobah apa kang ana ing awake dhewe.” (Q.S. Al Ro’du :11)
Jamaah jumah rahimakumullah. Manungsa dipun wajibaken ikhtiyar/ngupayani kanthi nyambut gawe supaya bisa ngrubah kang kahanane sarwi kirang, supados kecukupan. Wonten ing salebete ikhtiyar/nyambut damel menika kala wau para manungsa samiya tansah enget dateng Allah SWT. tegesipun enget bilih “Boten wonten ingkang saged ngalang-ngalangi punapa ingkang paduka paringaken, lan boten wonten ingkang saged maringi punapa ingkang paduka alang-alangi”.
Sedaya naming gumantung Allah piyambak. Manawi usahaning manungsa punika saged kadumugen punika hakekatipun saking keparengipun Pangeran, tegesipun atas kamirahaning Allah ugi. Sebab para sedherek, manawi Allah dereng maringaken, sedyanipun temtu boten saged kelampahan.
Kajawi punika para sedherek. Salebetipun ikhtiyar sampun ngantos wonten raos putus asa utawi nglokro saking rahmating Allah ingkang Maha Kuwaos.
Manawi usaha kaping sepisan dereng kasil, saged ugi usaha kita dereng trep mila sasaged-saged ngudiya usaha malih, sebab sinten mangertos manawi Allah sampun nakdiraken Insya Allah badhe Kabul jalaran Allah Maha Pengasih lan Penyayang.
Hadlirin ingkang minulya
Kados pangandikanipun Nabi Ya’kub dateng putra-putranipun :
يَابَنِيَّ اذْهَبُوا فَتَحَسَّسُوا مِن يُوسُفَ وَأَخِيهِ وَلاَتَيْئَسُوا مِن رَّوْحِ اللهِ إِنَّهُ لاَيَيْئَسُ مِن رَّوْحِ اللهِ إِلاَّ الْقُوْمُ الْكَافِرُونَ
Ingkang jawinipun : “He anak-anakku padha lungaa golekana Yusuf lan aja padha putus asa saka rahmating Allah SWT.” (Q.S. Yusuf :87)
Kasebat wonten ing kitab “Durrotun Nashihiin” kaca: 256, dipun terangaken ingkang maksudipun menkaten “Bilih kangge nggayuh Al Falah “ utawi kabegjan ingkang sejatos wonten ing donya lan akherat manungsa wonten ing gesangipun kedah nindakaken sewelas perkawis, inggih punika :
Satunggal. Manungsa samiya “zuhud” wonten ing donya sampun ngantos kapusan dening pambujuking kadonyan; mendhem kadonyan sahingga piyambakipun nyupekaken sedaya-sedayanipun, supe dating Allah SWT, supe dating masyarakatipun.
Nabi Muhammad SAW nate ngendika kasebat wonten Hadits Bukhari :

Jawinipun : “Manawa salah sawiji saka kowe kabeh weruh wong kang diluwihake dening Allah babagen bandhane, enggalo ndelenga marang wong kang sangisore awakmu.” (Bukhari)
Boten sanes inggih punika kanthi ningali dateng tiyang ingkang sangandhapipun punika, manungsa badhe tansah syukur dateng Allah SWT, jiwanipun badhe tentrem dipun tebihaken saking sifat tamak.
Kalih. Manungsa samiya rajin ngibadah sarta maos Al Qur’an kanthi nyinau maknanipun lajeng dipun lampahi. Sebab pancen saestunipun Al Qur’an estu-estu dados pitedah tumrap tiyang ingkang taqwa dateng Allah SWT.
Tiga. Sekedhik pangandikanipun wonten prekawis ingkang boten perlu, boten pantes, lan boten sopan. Amargi lisan menika ibarat pedhang ingkang saget mawon mejahi piyambakipun. Mila tiyang ingkang takwa kedah njagi lisanipun.
Sekawan. Nebihi saking bab-bab ingkang haram lan syubhat sahingga perkawis ingkang dereng terang halal lan haramipun langkung sae menawi dipun tebihi supados badhanipun resik saking dosa.
Gangsal. Nindakaken shalat fardhu gangsal wekdal kanthi khusyu’ sebab shalat ingkang khusyu’ saged ngiyataken jiwa lan nebihaken manungsa saking tumindak kemungkaran. ”inna sholata tanha ’anil fakhsyai wal munkar”
Enem. Anggadhahana budi pekerti luhur remen srawung kaliyan tiyang-tiyang ingkang saleh jalaran piyambakipun kepengin ugi dados tiyang saleh.
Pitu. Tangkepipun sopan lan andhap asor boten nate ngumukaken sarira, sedaya sedayanipun sarwa bares sederhana.
Wolu. Piyambakipun loma, boten medhit sahingga artanipun estu-estu manfaat lan mbekta berkah tumrap gesangipun.
Sanga. Kebak raos katresnan (mahabbah) dateng sesamining mukmin, boten remen padudon lan memengsahan.
Sedoso. Berjuang kanthi saestu ingkang supados gesangipun migunani dateng masyarakat sahingga piyambakipun kathah jasanipun dateng masyarakat.
Pungkasan. Mangertosi kanthi saestu lan yakin dateng wontenipun pejah ngathah-ngathahaken ngamal ingkang badhe kabekta sowan ngadhep wonten ing ngarsaning Allah. Saenggo pejahipun wonten ing “Husnul Khotimah” pejah ingkang sae.
Makaten para Jamaah jumah rahimakumullah: Punapa ingkang kasebat wonten Durootun Nashihiin ngengingi usaha-usaha ingkang luhur ingkang kedah dipun tindakaken manungsa kangge nggayuh kabegjan ingkang sejati supados gesang kita pikantuk rahmat wonten pangayunipun Allah SWT. dipun ridlani dening Allah SWT.
Insya Allah kanthi makaten manungsa enggal saged wangsul dateng margi ingkang leres, nyingkiri perkawis ingkang boten sae. Menawi saben-saben tiyang saged nyingkiri perkawis ingkang mboten sae. Tentunipun, pagesangan bebrayan ing masyarakat ugi dados tentrem. Mboten wonten tindak culika, padudon, rusuh, lsp.
Akhirul kalam mangga kita nyuwun wonten ngarsaning Allah SWT mugi-mugi gesang kita dipun jembaraken dening Allah SWT, saget ngamalaken tuntunan agami kanthi sasae-saenipun, mugi-mugi gesang kita manfaat maslahat fid dun ya wal akhirah.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ وَ نَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلأَيَاتِ وَ ذِكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّي وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْ لاَ أَنْ هَدَانَا اللهُ. أَشْهَدُ أَنَّ لاَ إِلَهَ إِلاَّ الله وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. أَمَّا بَعْدُ؛- فَيَا أَيُّهَا الْمُؤْمِنُوْنَ، اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ……
إِنَّ اللهَ وَمَلآَئِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِي يَآ أَيُّهَا الَّذِيْنَ آَمَنُواْ صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمَا. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ…..
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ
. اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ جَمِيْعَ وُلاَةَ الْمُسْلِمِيْنَ، وَانْصُرِ اْلإِسْلاَمَ وَالْمُسْلِمِيْنَ، وَأَهْلِكِ الْكَفَرَةَ وَالْمُشْرِكِيْنَ وَأَعْلِ كَلِمَتَكَ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ
اَللَّهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ، وَأَرِنَا الْبَاطِلَ باَطِلاً وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِيْنَ إِمَامًا
رَبَّنَا اصْرِفْ عَنَّا عَذَابَ جَهَنَّمَ إِنَّ عَذَابَهَا كَانَ غَرَامًا.
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
Subscribe to RSS Feed Follow me on Twitter!