Tuesday 25 March 2014


UJIAN SEKOLAH PRAKTIK

Mata Pelajaran : Pendidikan Agama Islam
Kelas : IX (sembilan)
Waktu : 120 Menit
Tahun Pelajaran : 2013/2014

A. Standar Kompetensi
1. Memahami Al Quran Surah Al Insyirah (Aspek Al Quran)
2. Memahami Al Quran Surah At Tiin (Aspek Al Quran)
3. Memahami Tata Cara Shalat (Aspek Fiqih)
B. Kompetensi Dasar
1. Menampilkan bacaan Surat Al Insyirah dengan tartil dan benar
2. Menyebutkan arti Surat Al Insyirah
3. Menampilkan bacaan Surat At Tiin dengan tartil dan benar
4. Menyebutkan arti Surat At Tiin
5. Mempraktikkan shalat wajib
C. Materi Pokok
1. Al Quran Surat Al Insyirah
2. Al Quran Surat At Tiin
3. Shalat Wajib
D. Indikator
1. Peserta didik mampu melafalkan Surat Al Insyirah dengan baik dan benar.
2. Peserta didik mampu menyebutkan arti Surat Al Insyirah dengan benar
3. Peserta didik mampu melafalkan Surat At Tiin dengan baik dan benar.
4. Peserta didik mampu menyebutkan arti Surat At Tiin dengan benar.
5. Peserta didik mampu mempraktikkan shalat wajib sesuai dengan sunah nabi.

Selengkapnya dapat diunduh disini

Rusakipun Bangsa

الْحَمْدُ ِللهِ الَّذِيْ خَلَقَ الْمَوْتَ وَالْحَيَاةَ لِيَبْلُوَكُمْ أَيُّكُمْ أَحْسَنُ عَمَلاً وَجَعَلَ لِلْوُصُوْلِ إِلَيْهِ طَرَائِقَ وَاضِحَةً وَسُبُلاً , وَنَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ , شَهَادَةً نَرْجُوْبِهَا عَالِيَ الْجَنَّاتِ نُزُلاً , وَنَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ , أَقْوَمُ الْخَلْقِ دِيْنًا وَأَهْدَاهُمْ سُبُلاً , صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَعَلَى أَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَالتَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِإِحْسَانٍ , وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ.
يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالأََرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا.
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلاً سَدِيدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا.
أَمَّا بَعْدُ؛ فَإِنَّ أَصْدَقَ الْحَدِيثِ كِتَابُ اللهَ، وَخَيْرَ الْهَدْيِ هَدْيُ مُحَمَّدٍ صَلَّى الله عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَشَّرَ الأُمُورِ مُحْدَثَاتُهَا وَكُلَّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلَّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةٌ وَكُلَّ ضَلاَلَةٍ فِي النَّارِ. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.

Jamaah jum’ah rahimakumullah ...
Wonten ing kesempatan menika, monggo kula panjenengan sami tansah njagi lan tansah ngupayani supados kula panjenengan sami dados tiyang ingkang bersyukur dhumateng Allah swt. Kanthi ngathah-ngathahaken ibadah lan nebihi tindak-tanduk ingkang mboten sae. Saenggo kula panjenengan saget kagolong tiyang ingkang muttaqin. Tiyang ingkang tansah dipuntresnani Allah swt., tiyang ingkang nggadhahi derajat inggil ing sisinipun Allah swt.
Jamaah jum’ah rahimakumullah ...
Sejarah sampun nuduhaken bilih jaman rumiyin kathah negari ingkang sejatosipun negari ageng, subur, makmur, nanging sak menika kula panjenengan sampun mboten saged ngonangi negari-negari menika amargi sampun dipun musnahaken dening Allah swt. Negari kala wau sejatosipun bangsa-bangsa ingkang kiyat, maju ing babagan ilmu pengetahuan nanging sak menika sampun musna namung kantun naminipun.
Wonten negari umatipun nabi nuh alaihissalam, negeri ‘aad kaumipun nabi hud alaihissalam, Negeri tsamud kaumipun nabi shalih alaihissalam, negeri sodom kaumipun nabi luth alaihissalam. Menika ingkang sampun kawartakaken wonten ing Al Quran. Negari-negari menika sirna amargi kaum negari menika seneng maksiyat lan tebih saking Allah swt. Penduduk negeri menika mboten purun ngugemi ajaran saking para Rasul ingkang dipun utus.
Wonten malih negari kiyat, ageng, lan sampun maju ing tanah jawa menika. Langkung ageng saking Indonesia sak menika, langkung kiyat, lan langkung moncer. Negari menika kawastanan negari majapahit. Negari majapahit ingkang yuswanipun kirang langkung 200 tahun menika inggih dados negari ingkang dipun musnahaken Allah swt, amargi kathah kemaksiyatan, zina, judi, lan sak piturutipun ingkang asring dipun sebat kaliyan MO LIMO, ndadosaken Majapahit menika rusak lan akhiripun musna.
Jamaah jum’ah rahimakumullah ...
Wonten malih sejarah ingkang kedadosan dhumateng kaum muslimin ing perang Uhud. Wonten ing perang Uhud menika kaum muslimin kawon kaliyan kaum kafir. Kawonipun kaum muslimin menika, mboten dipun sebabaken pinteripun tiyang kafir. Nanging Allah swt paring kabar menawi kawonipun umat muslim ing perang uhud menika inggih kesalahanipun kaum muslimin piyambak. Allah berfirman :

“nganti wektune kowe padha males lan ora akur ing urusan iku, lan kowe pada maksiyat marang printahe Rasul (Q. S. Ali Imran : 152)
Jamaah jum’ah rahimakumullah ...
Kathahipun musibah utawi pepeling saking Allah swt, kados dene banjir, longsor, kekeringan, gunung njeblug, angin lesus, ngantos runtuhipun salah satunggale negari, menika sejatosipun dipun sebabaken dening tingkah lakunipun manungsa piyambak. Rasullah nate bersabda:
يَا مَعَاشِرَ الْمُهَاجِرِيْنَ، خَمْسٌ إِذَا ابْتَلَيْتُمْ بِهِنَّ وَأَعُوْذُ بِاللهِ أَنْ تُدْرِكُوْهُنَّ، لَمْ تَظْهَرِ الْفَاحِشَةُ فِيْ قَوْمٍ قَطٌّ حَتَّى يُعْلِنُوْا بِهَا إِلاَّ فَشَا فِيْهِمُ الطَّاعُوْنُ وَاْلأَوْجَاعُ الَّتِيْ لَمْ تَكُنْ مَضَتْ فِيْ أَسْلاَفِهِمُ الَّذِيْنَ مَضَوْا وَلَمْ يَنْقُضُوا الْمِكْيَالَ وَالْمِيْزَانَ إِلاَّ أُخِذُوْا بِالسِّنِيْنَ وَشِدَّةِ الْمُؤْنَةِ وَجُوْرِ السُّلْطَانِ عَلَيْهِمْ وَلَمْ يَمْنَعُوْا زَكَاةَ أَمْوَالِهِمْ إِلاَّ مُنِعُوا الْقِطْرَ مِنَ السَّمَاءِ وَلَوْ لاَ الْبَهَاِئُم لَمْ يُمْطَرُوْا وَلَمْ يَنْقُضُوْا عَهْدَ اللهِ وَرَسُوْلِهِ إِلاَّ سَلَّطَ اللهُ عَلَيْهِ عَدُوًّا مِنْ غَيْرِهِمْ فأَخَذُوْا بَعْضَ ماَ فِيْ أَيْدِيْهِمْ وَمَا لَمْ تَحْكُمْ أَئِمَّتُهُمْ بِكِتَابِ اللهِ وَيَتَخَيَّرُ مِمَّا أَنْزَلَ اللهُ إِلاَّ جَعَلَ اللهُ بَأْسَهُمْ بَيْنَهُمْ.
Wahai kaum muhajirin, ana 5 perkara kang nyebabake kehancuran. Aku nyenyuwun marang Allah supaya kowe kabeh ora nemoni:
Menawa tumindak zina ing masyarakat dilakoni kanthi terang-terangan mula bakale nyebar ing masyarakat kuwi wabah Tho’un lan akeh wong ngelih kang durung nate kedadeyan ing zaman sadurunge. Menawa akeh bakul pada ngurangi takeran lan timbangan bakale kedadeyan paceklik, zaman kang sarwo angel, lan kezaliman saka para penguwasa. Menawa wong-wong padha ora gelem asok zakat, bakale ora diturunake udan marang wong-wong iku, saumpama dudu merga kewan-kewan, udan ora bakal diturunake marang wong-wong iku. Menawa masyarakat wis nglanggar syariat Allah lan Rasule, Allah bakal paring panguasa marang para mungsuh. Sak wene para pemimpin ora gelem nuruti hukum saka Kitabullah lan sing diturunake Allah, Allah bakale paring bebaya marang dheweke. (H. R Ibnu majah)
Maasyiral Muslimin Rahimakumullah ...
Hadis menika kala wau, nerangaken sebab-sebab rusakipun negari. Sebab-sebab kala wau sampun gampil kita temokaken wonten ing sabendinten ing negari kula panjenengan sami menika. Sampun kathah tiyang ingkang curang menawi nimbang barang, sampun kathah tiyang ingkang mboten purun asok zakat. Perzinaan sampun kathah kedadeyanipun, malah wonten ing kutho-kutho ageng, menika dipun damelaken papan khusus. Minuman keras sampun menyebar dhateng kampung-kampung.
Pramila menika, monggo kula panjenengan sami, tansah eling lan waspodo. Tansah rumaket dhumateng Allah kanthi ibadah ingkang sae, tansah ajak-ajak dhumateng kesaenan, lan tansah berdakwah negakkaken tauhid.
Allah mboten ridha menawi dipun sekutukaken kalih sanesipun.
وَأَنَّ الْمَسَاجِدَ لِلَّهِ فَلاَ تَدْعُوا مَعَ اللهِ أَحَدًا
“sakbenere mesjid-mesjid iku kagungane Allah swt, mula kowe aja nyenyuwun ing sajrone marang sak liyane Allah swt.” (Q. S. Al Jin: 18)
Alloh swt mrintahaken supados kula panejenengan ngathah-ngathaken tindak dhateng mesjid. Ngibadah, nyenyuwun dhumateng Allah swt, supados Allah paring kamulyan dhumateng kula panjenengan sami. Rasulullah ugi bersabda,
كُلُّ أُمَّتِيْ يَدْخُلُوْنَ الْجَنَّةَ إِلاَّ مَنْ أَبَى، قَالُوْا: يَا َرُسْولَ اللهِ وَمَنْ يَأْبَى: قَالَ: مَنْ أَطَاعَنِيْ دَخَلَ الْجَنَّةَ وَمَنْ عَصَانِيْ فَقَدْ أَبَى.
Saben umatku bakale mlebu surga, kajaba sing ora gelem. Wonten sahabat ingkang tanglet: “sinten tiyang ingkang mboten purun niku, Ya Rasul?” Kanjeng nabi njawab: “sapa-sapa sing taat marang Aku dheweke iku bakal mlebu surga. Lan sapa sing duraka marang aku, dheweke mlebu neraka.” H.R Bukhari. Wonten ing hadis menika, nerangaken bilih kula panjenengan sami kedah taat dhumateng perintahipun Rasul. Allah Subhannahu wa Ta'ala berfirman:
لاَّتَجِدُ قَوْمًا يُؤْمِنُونَ بِاللهِ وَالْيَوْمِ اْلأَخَرِ يُوَآدُّونَ مَنْ حَآدَّ اللهَ وَرَسُولَهُ وَلَوْ كَانُوا ءَابَآءَهُمْ أَوْ أَبْنَآءَهُمْ أَوْ إِخْوَانَهُمْ أَوْ عَشِيرَتَهُمْ أُوْلاَئِكَ كَتَبَ فِي قُلُوبِهِمُ اْلإِيمَانَ وَأَيَّدَهُم بِرُوحٍ مِّنْهُ وَيُدْخِلُهُمْ جَنَّاتٍ تَجْرِي مِن تَحْتِهَا اْلأَنْهَارُ خَالِدِينَ فِيهَا رَضِيَ اللهُ عَنْهُمْ وَرَضُوا عَنْهُ أُوْلاَئِكَ حِزْبُ اللهِ أَلآَإِنَّ حِزْبَ اللهِ هُمُ الْمُفْلِحُونَ
Artosipun: “Kowe (muhammad ora bakal nemoni bangsa kan iman marang Allah lan dino kiamat, asih hanresnani marang wong-wong kang nentang marang Allah lan Rasule, sanajan iku bapak-bapak, anak-anake, sedulur-sedulure, lan keluargane. Dheweke iku wong-wong kang wis pinaringan saking Allah swt iman ing sajrone dhadhane. Lan Allah swt paring pitulungan lan Allah bakal nglebokake dheweke marang Suwargane kang ing sangisore ana kali. Dheweke abadi ing sajrone. Allah ridha marang dheweke lan dheweke ridha marang Allah. Dheweke iku golongane Allah, mangertio menawa golongane Allah bakale menang.” (Al Mujadalah: 22)
Jamaah Jum’ah Rahimakumullah,
Menawi masyarakat ing salah satunggale negari saged dipunbimbing supados saged beriman dhumateng Allah swt, insya Allah negari menika dados negari ingkan misuwur, dipun ridhani Allah swt. Mugi-mugi negari kita dipun ridhai Allah swt. lan saget dados negari ingkang baldatun thayibatun warrobun ghafur. Amin...amin.. ya rabbil ‘alamin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْانِ الْعَظِيْمِ , وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلأَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ , أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ الله َلِيْ وَلَكُمْ وَلِكَافَةِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ , فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
Khotbah Kedua
إِنَّ الْحَمْدَ للهِ نَحْمَدُهُ وَ نَسْتَعِيْنُهُ وَ نَسْتَغْفِرُهُ وَ نَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَاِلنَا  مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَ مَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ وَ أَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسُوْلُهُ . اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. أَمَّا بَعْدُ؛-   فَيَا أَيُّهَا الْمُؤْمِنُوْنَ، اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ……
فَقَالَ تَعَالَى: إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ. يَآأَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ سَيِّدِ الْمُرْسَلِيْنَ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَالتَّابِعِيْنَ *  وَتَابِعِ التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنَ *  وَارْحَمْنَا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ.-… اَللَّهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ، وَأَرِنَا الْبَاطِلَ باَطِلاً وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ-. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَا لا تُؤَاخِذْنَا إِنْ نَسِينَا أَوْ أَخْطَأْنَا رَبَّنَا وَلا تَحْمِلْ عَلَيْنَا إِصْراً كَمَا حَمَلْتَهُ عَلَى الَّذِينَ مِنْ قَبْلِنَا رَبَّنَا وَلا تُحَمِّلْنَا مَا لا طَاقَةَ لَنَا بِهِ وَاعْفُ عَنَّا وَاغْفِرْ لَنَا وَارْحَمْنَا أَنْتَ مَوْلاَنَا فَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِينَ
. سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُوْنَ، وَسَلاَمٌ عَلَى الْمُرْسَلِيْنَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ

Subscribe to RSS Feed Follow me on Twitter!