Friday 11 July 2014

Golongan Ingkang Rugi Salaminipun Ramadhan

الْحَمْدُ ِللهِ الَّذِيْ خَلَقَ الْمَوْتَ وَالْحَيَاةَ لِيَبْلُوَكُمْ أَيُّكُمْ أَحْسَنُ عَمَلاً وَجَعَلَ لِلْوُصُوْلِ إِلَيْهِ طَرَائِقَ وَاضِحَةً وَسُبُلاً , وَنَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ , شَهَادَةً نَرْجُوْبِهَا عَالِيَ الْجَنَّاتِ نُزُلاً , وَنَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ , أَقْوَمُ الْخَلْقِ دِيْنًا وَأَهْدَاهُمْ سُبُلاً , صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَعَلَى أَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَالتَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِإِحْسَانٍ , وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ.
يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالأََرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا.
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلاً سَدِيدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا.
أَمَّا بَعْدُ؛ فَإِنَّ أَصْدَقَ الْحَدِيثِ كِتَابُ اللهَ، وَخَيْرَ الْهَدْيِ هَدْيُ مُحَمَّدٍ صَلَّى الله عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَشَّرَ الأُمُورِ مُحْدَثَاتُهَا وَكُلَّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلَّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةٌ وَكُلَّ ضَلاَلَةٍ فِي النَّارِ. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.
Ma'asyiral Muslimin Jama'ah Jum'at Rahimakumullah, 
Wonten ing wulan ramadhan menika, sedherek kula panjenengan sami, inggih menikakaum mukminin wonten ing Palestina, negari ingkang salebetipun wonten masjidil Aqsha, masjid suci ingkang dipun mulyakaken Allah, Kiblatipun umat islam zaman rumiyin, Papan kangge peristiwa mikraj ipun Kanjeng Nabi, Nembe dipun bombardir nembe dipun jajah negari Israel laknatullah. Griya-griya, padukuhan, pemukiman dipun bom dipun hancuraken. Ewodene kula panjenengan sami ing mriki saged siyam, kanthi aman damai pramila mangga, kula panjenengan sami tansah bersyukur dhumateng Allah swt kanthi ningkataken kualitas ugi kuantitas ibadah kula panjenengan sami dhumateng Allah swt. Amargi rugi sanget tiyang ingkang taksih pinaringan wekdal manggihi wulan Ramadhan nanging mboten saged ngginakaken wekdal menika kanthi sak sae-saenipun.  Insya Allah, Ibadah kula panjenengan sami menika saged dados sangu benjang ing dinten kiyamat.
وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى وَاتَّقُونِ يَاأُوْلِي اْلأَلْبَابِ
“Padha goleka sangu, amarga sak becik-becike sangu yaiku takwa, lan taqwao marang Allah, wahai wong-wong kang berakal” (Q S. Al Baqarah:197) 
Dan Rasulullah  bersabda,
 ”Takwao awakmu ana ing ngendi wae kowe  mapan, lan susulana tindak tanduk kan ala iku kanthi tumindak becik, mula tumindak becik iku bakal mbusak tumindak ala iku. Srawunga marang manungsa kanthi akhlak kang becik. (H. R. Tirmidzi)

Samenika kula panjenengan sampun dumugi sepertelon ingkang kaping kalih saking wulan ramadhan. Wulan ingkang kula panjenengan sami dipun godhog dipun dhidhik supados dados tiyang ingkang bertakwa. Wonten kathah sanget ingkang saged kula panjenengan lampahi kangge nggayuh predikat takwa menika. Salah satunggalipun inggih menika berusaha supados kula panjenengan mboten kagolong saking golonganipun tiyang ingkang rugi ing wulan ramadhan. Rugi amargi mboten pikantuk keutamaan ing wulan Ramadhan. Malah kathah angsalipun nambahi dosa. 
Ma'asyiral Muslimin Jama'ah Jum'at Rahimani wa Rahimakumullah, 
Golongan ingkang rugi ing wulan ramadhan inggih menika, sepindhah: Tiyang ingkan pasa nanging nilaraken shalat gangsal wekdal ingkang wajib. Padahal shalat wajib gangsal wekdal menika kangge bates ingkang misahaken tiyang ingkang kufur kaliyan ingkang taat dhumateng Allah swt. Wonten ing sabdanipun, Kanjeng nabi nerangaken

“Sabenere bates antarane manungsa karo kesyirikan lan kekufuran yaiku ninggalake sholat. (H. R. Muslim)
Nilaraken shalat wajib dados salah satunggale saking dosa-dosa ageng. Ugi kalebet dosa ingkang ndadosaken pelakunipun mlebet dhumateng kekafiran kaliyan kesyirikan. Kanthi mekaten, tiyang ingkang nilaraken shalat wajib, mboten angsal kautaman Ramadhan kados dene ingkang dipun sebataken wonten ing hadits Nabi 

Shalat limang wektu, saka shalat jumat menyang shalat jumat sabanjure, saka pasa ramadhan menyang pasa ramadhan tahun ngarepe, bisa mbusak dosa-dosa cilik, ing antarane wektu-wektu iku, salamine dosa gedhe ora dilakoni. (H. R. Muslim lan Tirmidzi)
Piyambakipun ingkang nilaraken shalat gangsal wekdal, mboten saged pikantuk saking kautaman wonten ing hadis ing nginggil amargi mboten nglampahi sholat gangsal wekdal. Kautamanipun inggih menika kebusak dosa-dosanipun saengga tiyang menika dados resik malih pribadi ingkang suci. Pramila rugi sanget tiyang ingkang siyam ramadhan nanging mboten sholat gangsal wekdal. 

Golongan ingkang kaping kalih, ingkang merugi ing salaminipun ramadhan inggih menika:
Tiyang-tiyang ingkang sampun memenuhi syarat wajib berpuasa nanging piyambakipun mboten ngleksanakaken siyam kanthi sengaja padahal mboten wonten alanganipun. Syarat wajib berpuasa inggih menika tiyang islam, diwasa (sampun baligh), sehat jasmani lan ruhani/mampu ngleksanakaken siyam, suci saking haid lan nifas kanggenipun kaum wanita. Menawi sampun memenuhi syarat wajib berpuasa kala wau, nanging piyambakipun mboten ngleksanakaken siyam, pramila tiyang menika dipun ancam kaliyan azab ingkang pedih. Wonten ing hadis dipunjelasaken:
“Aku magerteni wong-wong kang digantung kanthi mbalik, saka pinggir tutuke ngetokake getih, mergo disiksa. Aku  banjur takon: “Sinten piyambakipun?” banjur dijawab: “Dheweke kuwi wong-wong kang ora pasa ing wulang ramadhan.”
Mekaten salah satunggaling hadis ingkang njlentrehaken azab kanggenipun tiyang ingkang mboten siyam ramadhan. Pramila kula panjenengan sami alhamdulillah taksih pinaringan iman saengga saget ngleksanakaken siyam ramadan.
Siyam ramadhan ugi dados salah satunggale rukun Islam. Artosipun tiyang ingkang badhe dipun sebat Islam menawi nglampahi rukun-rukunipun: inggih menika syahadat, shalat, siyam ramadhan, asok zakat, lan ngleksanakaken Haji bilih sampun kiyat.

Golongan ingkang kaping tiga inggih menika tiyang-tiyang ingkang nindakaken dosa-dosa ageng. Kados dene wonten ing hadist nabi ing nginggil menawi tiyang ingkang nindakaken dosa-dosa ageng, piyambakipun mboten angsal kautaman wulan ramadhan inggih menika dipun busak dosa-dosanipun. Kanggenipun golongan menika, Allah badhe paring ampunan menwi piyambakipun purun taubat kanthi taubatan nasuha. Kanthi nilaraken tumindak ingkang mboten sae salaminipun, lan ngathah-ngathahaken taat dhumateng Allah swt.

Golongan salajengipun kanggenipun tiyang ingkang rugi salaminipun wulan ramadhan inggih menika tiyang ingkang ngucap saking lisanipun pocapan ingkang mboten sae salaminipun wulan ramadhan. Ugi tiyang-tiyang ingkang remen kalian tindak-tanduk ingkang sia-sia. Dipun riwayataken saking Abu Hurairah: Kanjeng Nabi bersabda: “ menawa ing salah sawijine dina ing wulan ramadhan kowe pasa, aja ngasi kowe ngocap pocapan kang ala. Nggawe kisruh lan tindak-tanduk kang siya-siya.
Lan menawa ana wong kang ngolok-olok utawa nyerang, kudune dheweke njawag “aku lagi pasa” (H. R. Muttafaqun Alaih). Wonten ing hadis sanesipun Kanjeng Nabi bersabda: “Sapa wonge kang ora ninggalake omongan ngapusi lan nglakoni, Allah ora merlokake saka wong kuwi pasane.” (H. R. Bukhari)

Golongan ingkang pungkasan kanggenipun tiyang  ingkang rugi salaminipun wulan ramadhan inggih menika tiyang ingkang nebihi hal-hal ingkang makruh nanging mboten ngerjakaken hal-hal ingkang dipun sunahaken ing wulan ramadhan. Piyambakipun mboten nggatosaken solat lail, solat tarawih, mboten ngathah-ngathahaken tilawah quran utawi tadarus, mboten purun bersedekah, lan mboten iktikaf ing sepuluh malam terakhir ing wulan ramadhan. Taksih kathah malih amalan-amalan sunah ing wulan ramadhan. Wulan ramadhan menika wulan barokah, menawi tiyang menika purun ngleksanakaken ibadah sunah ing wulan menika, ganjaranipun saking Allah, insya Allah agengipun sami kaliyan ganjaranipun ibadah wajib ing wekdal sanesipun wulan ramadhan. 
Kanthi nilaraken sunah-sunah ing wulan ramadhan menika, tiyang menika sampun kagolong tiyang-tiyang ingkang menyia-nyiakan kesempatan ingkang sampun dipun paringaken Allah inggih menika manggihi wulan ramadhan. 
Insya Allah kula panjenengan sami, taksih bersemangat kangge ngisi wulan-wulan ramadhan menika kanthi amalan ingkang dipun anjuraken, saengga sak bibaripun ramadhan, kula panjenengan leres-leres kagolong tiyang ingkang muttaqin. Aamiin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْانِ الْعَظِيْمِ , وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلأَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ , أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ الله َلِيْ وَلَكُمْ وَلِكَافَةِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ , فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
Khutbah Kedua
إِنَّ الْحَمْدَ للهِ نَحْمَدُهُ وَ نَسْتَعِيْنُهُ وَ نَسْتَغْفِرُهُ وَ نَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَاِلنَا  مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَ مَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ وَ أَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسُوْلُهُ . اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. أَمَّا بَعْدُ؛-   فَيَا أَيُّهَا الْمُؤْمِنُوْنَ، اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
فَقَالَ تَعَالَى: إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ. يَآأَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ سَيِّدِ الْمُرْسَلِيْنَ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَالتَّابِعِيْنَ *  وَتَابِعِ التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنَ *  وَارْحَمْنَا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ
اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدُّعَاءِ.
اَللَّهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ، وَأَرِنَا الْبَاطِلَ باَطِلاً وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ
رَبَّنَا لا تُزِغْ قُلُوْبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا، وَهَبْ لَنَا مِنْ لَدُنْكَ رَحْمَةً، إِنَّكَ أَنْتَ الوَهَّابُ.
رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ الخَاسِرِيْنَ.
رَبَّنَا آتِنَا في الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.

اللَّهُمَّ أَعِزَّ الْإِسْلَامَ وَ الْمُسلِمِينا| للَّهُمَّ انْصُرْ إِخْوَاننَاَ الْمُسلِمِين| وَ المُجَاهِدِينَ فِي فِلِسْطِينا| للَّهُمَّ ثَبِّتْ إِيمَانَهُمْ|وَ أَنْزِلِ السَّكِينَةَ عَلَى قُلُوبِهِم|وَ وَحِّدْ صُفُوفَهُمْ|اللَّهُمَّ أَهْلِكِ الْكَفَرَةَ وَ المُشْرِكِينَ|وَ فَرِّقْ جَمْعَهُمْ
اللَّهُمَّ انْصُرْ المُجَاهِدِينَ عَلَى أَعْدَائِنَا أَعْدَاءَ الدِّين
سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُوْنَ، وَسَلاَمٌ عَلَى الْمُرْسَلِيْنَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَlli

Golongan Ingkang Rugi Ing Wulan Ramadhan

Subscribe to RSS Feed Follow me on Twitter!