Friday 21 September 2012


Khutbah Jumat Basa Jawa
MUJUDAKEN PAGESANGAN INGKANG 
TATA TENTREM KERTA RAHARJA
Dwi Wahyudi, S.Pd.I

اَلْحَمْدُ لِلّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَتُوْبُ اِلَيْهِ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ اَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى ءَالِهِ وَاَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. اَمَّا بَعْدُ: فَيَاعِبَادَ اللهِ : اُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَ اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَااَيُّهَا الَّذِيْنَ اَمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ اِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
. يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَآءً وَاتَّقُوا اللهَ الَّذِيْ تَسَآءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَامَ إِنَّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا. يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا. يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا.
Kaum Muslimin Jamaah Jum’ah Rahimakumullah.
Saderengipun, monggo kula panjenengan sami tansah eling lan bersyukur dhumateng Allah swt, amargi wekdal punika kula panjenengan sami taksih pinaringan karunia ingkang kathah. Saengga, kula panjenengan sami saged makempal wonten masjid punika kangge ngleksanakaken shalat Jumat, kangge mujudaken pangabekti kula panjenengan sami dhumateng Allah swt. Sok sinteno ingkang syukur dhumateng Allah, Allah badhe nambahi nikmat ingkang kathah. Lan tiyang ingkang mboten purun bersyukur, kanthi ngibadah ngabekti dhumateng Allah, mbenjang Allah badhe nyiksa kanthi siksa ingkang awrat sanget. 

Kaum muslimin, jamaah shalat jumat ingkang minulya,
Pegesangan kula panjenengan sami wonten ing keluargo, masyarakat, bangsa, lan negaro tentunipun kepingin dados pagesangan ingkang tata tentrem kerta raharja. Kangge nggayuh pagesangan ingkang kados mekaten niku wau dipunbetahaken usaha ingkang awrat sanget. Wonten ing kalodhangan menika, kita badhe mbahas bab-bab ingkang kedah kita laksanakaken supados pangesangan dados tata tentrem kerta raharja.
Kaum muslimin, jamaah shalat jumat ingkang minulya,
Salah satunggaling kunci ingkang kedah dipunlaksananakaken ing pribadi saben-saben tiyang inggih punika sifat welas asih hanresnani marang sesami.
Endah, tentrem, raharjaning gesang saged karaosaken bilih welas asih sampun njilma ing pagesangan sabendinten. Supados saged welas asih, kula panjenengan sami kedahipun sami ngormati tiyang sanes. Saenggo mboten suudhan/buruk sangka, mboten sami ece pangece, mboten metani eleking liyan, ugi mboten golek-golek salahe tiyang sanes. Allah swt berfirman:
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا لا يَسْخَرْ قَومٌ مِنْ قَوْمٍ عَسَى أَنْ يَكُونُوا خَيْرًا مِنْهُمْ وَلا نِسَاءٌ مِنْ نِسَاءٍ عَسَى أَنْ يَكُنَّ خَيْرًا مِنْهُنَّ وَلا تَلْمِزُوا أَنْفُسَكُمْ وَلا تَنَابَزُوا بِالألْقَابِ بِئْسَ الاسْمُ الْفُسُوقُ بَعْدَ الإيمَانِ وَمَنْ لَمْ يَتُبْ فَأُولَئِكَ هُمُ الظَّالِمُونَ. يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اجْتَنِبُوا كَثِيرًا مِنَ الظَّنِّ إِنَّ بَعْضَ الظَّنِّ إِثْمٌ وَلا تَجَسَّسُوا وَلا يَغْتَبْ بَعْضُكُمْ بَعْضًا أَيُحِبُّ أَحَدُكُمْ أَنْ يَأْكُلَ لَحْمَ أَخِيهِ مَيْتًا فَكَرِهْتُمُوهُ وَاتَّقُوا اللَّهَ إِنَّ اللَّهَ تَوَّابٌ رَحِيمٌ
“Wahai wong-wong kang duwe iman neng atine, segolongane kowe aja ngolok-olok golongane liyan mergo iso wae golongan sing di olok-olok iku luwih becik tinimbang sing ngolok-olok. Lan wanita-wanita ojo padha ngolok-olok wanita liya, mergo iso wae wanita sing diolok-olok iku, luwih apik tinimbang wanita sing ngolok-olok. Lan kowe ojo sok ngelek-elek awakmu dhewe, kowe aja padha nyeluk kanthi jeneng-jeneng kang ala. Sak elek-eleke jeneng celukan iku, sing ala sawise iman. Lan sapa wonge sing ora gelem mertobat, dheweke iku sing diarani wong dhalim. Wahai wong kang padha iman, doh-ono curiga lan prasangka, sabenere sebagiane prasangka kuwi dosa, lan kowe aja padha golek-golek salahe wong liya, sak golongane kowe aja padha ngrasani golongane liyan. Apa seneng salah sijine awakmu mangan daginge sedulure dhewe sing wis mati? Mula mesthine kowe duwe rasa jijik marang sing kaya mengkono kuwi. Lan Takwao marang Allah, sabenere Gusti Alloh iku Maha Nampa Tobat uga Maha Penyayang.” (Q. S. Al Hujurat: 11 – 12)

Wonten ing Serat Al Hujurat menika kala wau Allah kanthi cetha bilih manungsa menika mboten angsal olok-olokan, ngrasani, golek-golek salahe liyan lan sak pinunggalanipun. Allah mrintahaken supados manungsa menika angsalipun gesang bebrayan wonten ing masyarakat, sami welas asih lan hanresnani satunggal kaliyan satunggale.
Kaum muslimin, jamaah shalat jumat ingkang minulya, 
Supados saged welas asih, kula panjenengan sami kedahipun tulung tinulung kaliyan tiyang sanes. Sak kuwat-kuwatipun manungsa mesthi kemawon piyambakipun mbetahaken pitulungan. Gotong royong, sami mbiyantu, menika mboten saged dipun pisahaken kaliyan gesang bebrayan. Allah swt ugi dhawuh wonten ing Surat Al Maidah: 2 “Lan lung-tinulunga kowe kabeh ing babagan kesaenan lan ketakwaan, nanging aja lung tinulung ing babagan dosa lan sing elek-elek.”
Tulung tinulung wonten ing kesaenan menika dipun wastani TAAWUN. Taawun menika saged nyirnaaken utawi ngirangi kesusahanipun tiyang sanes. Menawi kula panjenengan saged taawun, InsyaAllah, gusti Allah badhe nyirnaaken kesusahan kula panjenengan sami. Rasulullah ngendika:

مَنْ نَفَّسَ عَنْ مُسْلِمٍ كُرْبَةً مِنْ كُرَبِ الدُّنْيَا- نَفََّسَ اللهُ عَنْهُ كُرْبَةً مِنْ كُرَبِ يَوْمِ الْقِيَامَةِ -وَمَنْ يَسَّرَعَلَى مُعْسِرٍ- يَسَّرَهُ اللهُ عَلَيْهِ فِى الدُّنْيَا وَاْلأَخِرَةِ -وَاللهُ فِى عَوْنِ الْعَبْدِ مَاكَانَ الْعَبْدُ فِى عَوْنِ أَخِيْهِ
“Sing sapa wonge ngilangake susahe wong liya, Allah bakal ngilangake kesusahane ing dina kiyamat. Sing sapa wonge nutupi alane wong liya, Allah bakal nutupi eleke din dina kiyamat. Allah iku bakal mbiyantu salah sijine menungsa angger dheweke gelem nulung marang wong liya.” (H.R. Muslim)
Kaum muslimin, jamaah shalat jumat ingkang minulya, 
Supados gesang ing masyarakat saged welas asih hanresnani, kedahipun sami maringi pepiling, paring nasehat lan sami ngemutaken. Saengga menawi wonten sedherekipun ingkang badhe tumindak ala, mboten ngantos kaleksanan amargi wonten sedherekipun ingkang ngemutaken. Menawi wonten sedherek ingkang sampun tumindak mboten sae, dipun elingaken saenggo tumindak ingkang mboten sae menika mboten dados pakulinan. Menawi kados mekaten menika, ingkang badhe ngraosaken untungipun inggih sedaya tiyang ingkang gesang bebrayan ing masyarakaat meniko piyambak. Pramila meniko, nasehat, pepiling, pengemut-emut, menika sanget dipun betahaken sedaya tiyang gesang. 
Kaum muslimin, jamaah shalat jumatingkang minulya, 
Supados gesang ing masyarakat saged welas asih hanresnani, kedahipun sami njaga keslameten satunggal lan setunggile. Keslametane bandha ugi nyawa. Saenggo wontenipun salah satunggale tiyang menika badhe maringi ketenangan, ketentreman, kanggene tiyang sanes. Mboten malah suwalikipun.
Rasulullah ngendika:
مَنْ رَدَّ عَنْ عِرْضِ أَخِيْهِ كَانَ حَقًّا عَلَى اللهِ أَنْ يُعْتِقَهُ مِنَ النَّارِ
“Sapa wonge sing njaga bandhane wong liya, Allah bakal njaga awake saka panase geni neraka.” (hr Ahmad)
أَلْمُؤْمِنُ مَنْ أَمِنَهُ الْمُؤْمِنُوْنَ عَلَى أَنْفُسِهِمْ وَأَمْوَالِهِمْ
“Wong sing diarani mukmin iku wong sing bisa paring rasa aman marang wong liya, ya rasa aman jiwane uga bandhane.” (HR. Ahmad, Tirmidzi dan Hakim).
Kaum muslimin, jamaah shalat jumat ingkang dipun rahmati Allah
Menika kala wau perkawis-perkawis ingkang saged ndadosaken pagesangan kulo panjenengan sami dados tata, tentrem, kerta raharja. Perkawis-perkawis kala wau Ingkang sepindah inggih menika saben-saben tiyang kedah bertakwa. Selajengipun seben tiyang kedah nggadhahi sifat welas asih hanresnani marang sesami. Welas asih hanresnani menika saged kawujud menawi saben-saben tiyang sami ngormati tiyang sanes, tulung tinulung ing babagan kesaenan, lan sami emut ngemutaken. Menawi perkawis-perkawis kala wau sampun kalaksanan wonten ing salah satunggaling panggenan, Allah mesthi badhe paring  pagesangan ingkang tata tentrem kerta raharja, ingkang salajengipun Allah badhe ndadosaken papan panggenan menika papan ingkang gemah ripah loh jinawi. Mugi-mugi kula panjenengan tansah angsal pitulungan ugi pitedah saking Allah swt, saengga kula panjenengan sami saged ngraosaken endahipun gesang. Amin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ.

وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ -أَقُوْلُ قَوْلِي هَذا أَسْتَغْفِرُ اللهَ إِنّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرّحِيْمِ
Khotbah Kedua
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْ لاَ أَنْ هَدَانَا اللهُ. أَشْهَدُ أَنَّ لاَ إِلَهَ إِلاَّ الله وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. أَمَّا بَعْدُ؛-   فَيَا أَيُّهَا الْمُؤْمِنُوْنَ، اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ……
إِنَّ اللهَ وَمَلآَئِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِي يَآ أَيُّهَا الَّذِيْنَ آَمَنُواْ صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمَا. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ…..
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ.-… اَللَّهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ، وَأَرِنَا الْبَاطِلَ باَطِلاً وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ-. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلإِخْوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُونَا بِالإِيْمَانِ وَلاَ تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلاًّ لِلَّذِيْنَ ءَامَنُوْا- رَبَّنَآ إِنَّكَ رَءُوفُ رَّحِيْمٌ، رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا- وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا- وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ الْخَاسِرِيْنَ،- رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِوَالِدِيْنَا وَاْرحَمْهُمَا كَمَا رَبَّيَانَا صِغَارًا-. رَبَّنَآ ءَاتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً- وَفِي الأَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
. سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُوْنَ، وَسَلاَمٌ عَلَى الْمُرْسَلِيْنَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ
عِبَادَ اللهِ،- إِنَّ اللهَ يَأْمُرُكُمْ بِالْعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ- وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ


Subscribe to RSS Feed Follow me on Twitter!