Saturday 7 June 2014

Dwi Wahyudi
Wuryantoro, 6 Juni 2014

إنَّ الحَمْدَ لله، نَحْمَدُه، ونستعينُه، ونستغفرُهُ، ونعوذُ به مِن شُرُورِ أنفُسِنَا، وَمِنْ سيئاتِ أعْمَالِنا، مَنْ يَهْدِه الله فَلا مُضِلَّ لَهُ، ومن يُضْلِلْ، فَلا هَادِي لَهُ.
أَشْهَدُ أنْ لا إلَهَ إلا اللهُ وَحْدَهُ لا شَرِيكَ لَهُ، وأشهدُ أنَّ مُحَمَّدًا عبْدُه ورَسُولُه.
يَاأَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلا تَمُوتُنَّ إِلا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
يَاأَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالأرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا
يَاأَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلا سَدِيدًا * يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا
Jamaah Jum’at ingkang dipunrahmati Allah,
Puji syukur mugi tansah kahaturaken dhumateng Allah swt ingkang taksih paring pinten-pinten kenikmatan dhumateng kula panjenengan sami. Ugi Allah swt taksih nyekapi sedaya kabetahan kula panjenengan sami. Sedaya paringipun Allah swt punika kedah kula panjenengan syukuri saengga kenikmatan ingkang badhe dipunparingaken Allah swt dhumateng kula panjenengan sami menika dipun lipetaken.
لَئِنْ شَكَرْتُمْ لَأَزِيدَنَّكُمْ وَلَئِنْ كَفَرْتُمْ إِنَّ عَذَابِي لَشَدِيدٌ
Sayektine, menawa kowe pada bersyukur, mesthi Allah bakal nambahi nikmate marang awakmu, lan menawa awakmu ingkar mangertia sakbenere azabe Allah iku perih banget (Q. S. Ibrahim: 7)
Jamaah jumat rahimakumullah
Dinten jumat menika, kula panjenengan sampun wonten ing wulan syakban, artosipun mboten jangkep setunggal wulan kula panjenengan badhe kepanggih kaliyan wulan ingkang dipunmulyakaken, wulan ingkan kebak barokah, wulan ingkang Allah swt badhe paring pahala ingkang lipet kathah sanget menawi kula panjenengan kersa tumindak ingkang sae. Wulan ingkang badhe ngresiki dosa-dosa alit kula panjenengan, wulan menika: Wulan ramadhan.
Wonten doa ingkang saged dipunlantunaken menawi ngadhepi wulan ramadhan:
اَللَّهُمَّ بَارِكْ لَنَا فِى رَجَبَ وَ شَعْبَانَ وَ بَلِغْنَا رَمَضَانَ
Yaa Allah, panjenengan barokahi kula wonten ing wulan Rajab lan Syakban, ugi panggihaken kula kaliyan wulan ramadhan. (HR. Al-Baihaqi dan Thabrani).
Kula panjenengan saged maos doa menika kala wau, menawi nembe nengga wekdal solat, menawi sakderengipun qamat, utawi sak bibaripun salat. Doa menika ngajareken dhumateng kula panjenengan sami supados mbikak manah lan ruhiyah kula panjenengan sami supados ing manah menika wonten raos bingah wodene kula panjenengan badhe pinanggih kaliyan ramadhan. Amargi salah satunggaling sunah utawi perintahipun kanjeng nabi menika, kula panjenengan dipun dhawuhi bingah, remen, lan leres-leres anggenipun damel persiapan kangge wulan ramadhan.
Jamaah Jum’at rahimakumullah,
Lajeng kepripun, kinten-kinten, anggen kula panjenengan sami badhe menyambut dumuginipun wulan romadhon? Tentunipun kula panjenengan mboten pareng ngawontenaken ritual-ritual khusus ingkang mboten dipuncontohaken kanjeng nabi kanggenipun menyambut wulan ramadhan. Amargi perkawis-perkawis menika, menawi kula panjenengan mboten ngatos-atos, saged-saged malah ndadosaken ritual ingkang dipunawisi Allah swt. Kanjeng nabi nate ngendika:
مَنْ عَمِلَ عَمَلاً لَيْسَ عَلَيْهِ أَمْرُنَا ، فَهْوَ رَدٌّ
Sapa wonge kang ngerjakne amalan ibadah kang ora ana contone saka aku, amalan iku ditolak. (HR. Bukhari)
Kahananipun kaum muslimin samenika, wonten ingkang taksih ngleksanakaken ritual khusus kangge menyambut ramadhan, nanging wonten ugi ingkang mboten nggatosaken utawi malah kirang remen menawi Ramadhan badhe dumugi. Wodene sunahipun kanjeng nabi, kula panjenengan dipun perintahaken supados bingah lan ndamel manah ingkang remen wontenipun wulan ramadhan ingkang badhe dumugi menika.
Kanggenipun kaum mukmin, wonten sekawan perkawis ingkang dipunpelokaken kangge menyambut dumuginipun wulan ramadhan.
Ingkang sepindhah inggih menika persiapan ruhiyah
Persiapan ruhiyah menika artosipun ngresiki manah saking penyakit aqidah, sahengga kula panjenengan kedah nglurusaken niat ingkang ikhlas ugi manteb-aken tauhid dhumateng Allah swt. Allah swt sampun
Allah SWT menegaskan pentingnya membersihkan hati (tazkiyatun nafs) dalam firman-Nya:
قَدْ أَفْلَحَ مَنْ زَكَّاهَا
Bener-bener bakal untung wong kang nyucekake jiwani (As Syams: 9)
Pramila monggo taksih wonten wekdal kangge kula panjenengan sami evaluasi, muhasabah dhumateng dhiri pribadhi kula panjenengan piyambak-piyambak. Amargi rugi sanget menawi kula panjenengan taksih nggadhahi penyakit kesyirikan alit nopo dene ageng. Amargi menawi kesyirikan wonten ing dhiri pribadhi kula panjenengan sami, sedaya amal kesaenan kula panjenengan mboten badhe dipun tampi Allah swt.
لَئِنْ أَشْرَكْتَ لَيَحْبَطَنَّ عَمَلُكَ وَلَتَكُونَنَّ مِنَ الْخَاسِرِينَ
Menawa kowe nyekutokake Allah, bakal kebusak amal kesaenanmu, lan mesthi kowe bakal kagolong wong-wong kang rugi. (QS. Al Zumar: 65)
Sasampunipun muhasabah, selajengipun kula panjenengan kedah bermujahadah utawi estu-estu anggenipun ngilangaken penyakit-penyakit keimanan kala wau. Saengga nalikanipun ramadhan dumugi, kula panjenengan sampun estu-estu siap ngisi ramadhan kanthi sak sae-saenipun.
Menawi keikhlasan sampun manjing wonten ing dhiri pribadhi kula panjenengan sami, lajeng siyam ramadhan katindakaken, InsyaAllah, Allah badhe ngampuni dosa-dosa kula panjenengan sami. Wonten ing salah satunggaling hadits dipunsebataken:
مَنْ صَامَ رَمَضَانَ إِيمَانًا وَاحْتِسَابًا غُفِرَ لَهُ مَا تَقَدَّمَ مِنْ ذَنْبِهِ
Sopo wonge kang nglakoni pasa kanthi dhasar keimanan lan ngarep-arep pahala, mula bakal diampuni dosa-dosane kang wis kepungkur (Muttafaq ‘Alaih)
Jamaah Jum’at ingkang dipunmulyakaken Allah
Persiapan kaping kalih kangge menyambut Ramadhan inggih menika persiapan fikriyah.
Supados Ramadhan kita sedaya leres-leres efektif, kita sedaya betah nyiapaken badan kaliyan fikriyah. Saderengipun Ramadhan dumugi, langkung saenipun kula panjenengan sami sampun nyiapaken ilmu agami , utamanipun ingkang wonten gegayutanipun kaliyan siyam ramadhan. Ugi ngilmu babagan kautamanipun siyam, shalat tarawih, iktikaf, zakat lan sapanunggalanipun. Menika wigatos sanget amargi, tiyang ingkang nglaksanakaken ibadah mboten kanthi ilmu, namung melu-melu, menika saged-saged ndadosaken ibadah kula panjenengan kirang afdhal. Pramila menika Rasulullah nate bersabda:
مَنْ يُرِدِ اللَّهُ بِهِ خَيْرًا يُفَقِّهْهُ فِى الدِّينِ
Sok sintena ingkang dipunkeparengaken Allah badhe langkung sae pribadhinipun, piyambakipun badhe dipunfahamaken dhumaten ilmu agami (H.R. Muttafaq ‘Alaih)
Jamaah jumat rahimakumullah,
Persiapan ingkang kaping tiga anggenipun badhe menyambut wulan ramadhan inggih menika persiapan jasadiyah.
Ramadhan menika mbetahaken persiapan jasadiyah utawi rogo. Menawi mboten nyiapaken raga utawi jasmaniyah, kadhang-kadhan jasmaniyah kula panjenengan sami ngraosaken kawratan. Amargi ibadah siyam ramadhan menika ndamel siklus ingkang benten kaliyan dinten-dinten sanesipun. Menawi badan kula panjenengan ngraosaken kawratan, salaminipun ibadah ramadha, kula panjenengan sami mboten saged produktif wonten ing pakaryan kita piyambak-piyambak. Amargi menika kula panjenengan sami kedah nyiapaken jasadiyah utawi badan kanthi njagi supados tetep sehat, bugar, lan nebihi hal-hal ingkang mboten sae kanggenipun badan kula panjenengan piyambak-piyambak. Wonten ing hadis dipunsebataken:
الْمُؤْمِنُ الْقَوِىُّ خَيْرٌ وَأَحَبُّ إِلَى اللَّهِ مِنَ الْمُؤْمِنِ الضَّعِيفِ
Mukmin kang kuwat iku luwih apik lan luwih disenengi dening Allah ketimbang mukmin kang ringkih. (H. R. Muslim)
Persiapan pungkasan kangge menyambut dumuginipun wulan ramadhan inggih menika nyiapaken maliyah utawi arto.
Nyiapaken maliyah utawi arto menika dipun perlokaken kangge menyambut wulan ramadhan. Arto menika mboten kangge tumbas rasukan enggal, tumbas kue hari raya, lan sanes-sanesipun. Kula panjenengan merlokaken dhana kangge ngathah-ngathahaken infaq, paring takjil, lan mbiyantu tiyang-tiyang ingkang mbetahaken. Lajeng kanggenipun piyantun ingkang nggadhahi bandha ingkang sampun dumugi nishab utawi bates ngedalaken zakat mal, temtunipun ing wulan ramadhan menika kedah asok zakat mal, utwai zakat bandha.
Jamaah jumah rahimakumullah,
Salah satunggale tuntunan Allah swt inggih menika supados kula panjenengan sami enggal-enggal ngleksanakaken amal kesaenan lan nyenyuwun ampunan dhumateng Allah. Kados dene firmanipun Allah swt
وَسَارِعُوا إِلَى مَغْفِرَةٍ مِنْ رَبِّكُمْ وَجَنَّةٍ عَرْضُهَا السَّمَوَاتُ وَالْأَرْضُ أُعِدَّتْ لِلْمُتَّقِينَ
Lan enggal-enggalo tumuju marang ampunane Gustimu lan Suwargane kang ambane koyo dene ambane langit lan bumi, iku kasedhiakake kanggo wong-wong kang takwa (Q. S Ali Imran: 133)
Pramila mangga kula panjenengan sami enggal-enggal menyambut wulan ramadhan menika kanthi persiapan ruhiyah, fikriyah, jasadiyah, kaliyan maaliyah.
Mugi-mugi anggenipun kula panjenengan estu-estu menyambut wulan ramadhan menika, Allah swt badhe manggihaken kula panjenengan sami kaliyan wulan ramadhan. Uga mugi Allah swt paring taufik kangge kula panejengan sami saengga kula panjenengan sami pikantuk keberkahan ramadhan mbenjan menika. Ramadhan menika wulan ingkang kathah ampunan lan rahmatipun, kula panjenengan nyrantos supados dipunparingi rahmat kaliyan berkah ramadhan... amin..amin ya rabbal ‘alamin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ وَ نَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلأَيَاتِ وَ ذِكْرِ الْحَكِيْمِ
أَقُوْلُ مَا تَسْمَعُوْنَ وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ فَأَسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
KHUTBAH KEDUA
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي أَرْسَلَ رَسُولَهُ بِالْهُدَى وَدِينِ الْحَقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّينِ كُلِّهِ وَلَوْ كَرِهَ الْمُشْرِكُونَ
أَشْهَدُ أنْ لا إلَهَ إلا اللهُ وَحْدَهُ لا شَرِيكَ لَهُ، وأشهدُ أنَّ مُحَمَّدًا عبْدُه ورَسُولُه.
يَاأَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلا تَمُوتُنَّ إِلا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
يَاأَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلا سَدِيدًا * يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا
اللَّهُمَّ صَلِّ وسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ، كَمَا صَلَّيْتَ وسَلّمْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ، كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، فِي العَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ، وَارْضَ اللَّهُمَّ عَنْ خُلَفَائِهِ الرَّاشِدِيْنَ، وَعَنْ أَزْوَاجِهِ أُمَّهَاتِ المُؤْمِنِيْنَ، وَعَنْ سَائِرِ الصَّحَابَةِ أَجْمَعِيْنَ، وَعَنْ المُؤْمِنِيْنَ وَالمُؤْمِنَاتِ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ، وَعَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ.
اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدُّعَاءِ.
اَللَّهُمَّ بَارِكْ لَنَا فِى رَجَبَ وَ شَعْبَانَ وَ بَلِغْنَا رَمَضَانَ
اللَّهُمَّ اجْعَلْ جَمْعَنَا هَذَا جَمْعًا مَرْحُوْمًا، وَاجْعَلْ تَفَرُّقَنَا مِنْ بَعْدِهِ تَفَرُّقًا مَعْصُوْمًا، وَلا تَدَعْ فِيْنَا وَلا مَعَنَا شَقِيًّا وَلا مَحْرُوْمًا.
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الْهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى.
اللَّهُمَّ أَعِزَّ الإِسْلاَمَ وَالْمُسْلِمِيْنَ، وَوَحِّدِ اللَّهُمَّ صُفُوْفَهُمْ، وَأَجْمِعْ كَلِمَتَهُمْ عَلَى الحَقِّ، وَاكْسِرْ شَوْكَةَ الظَّالِمِينَ، وَاكْتُبِ السَّلاَمَ وَالأَمْنَ لِعِبادِكَ أَجْمَعِينَ.
اللَّهُمَّ أَنْزِلْ عَلَيْنَا مِنْ بَرَكَاتِ السَّمَاء وَأَخْرِجْ لَنَا مِنْ خَيْرَاتِ الأَرْضِ، وَبَارِكْ لَنَا في ثِمَارِنَا وَزُرُوْعِنَا وكُلِّ أَرزَاقِنَا يَا ذَا الْجَلاَلِ وَالإِكْرَامِ.
رَبَّنَا آتِنَا في الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
رَبَّنَا لا تُزِغْ قُلُوْبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا، وَهَبْ لَنَا مِنْ لَدُنْكَ رَحْمَةً، إِنَّكَ أَنْتَ الوَهَّابُ.
رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ الخَاسِرِيْنَ.
عِبَادَ اللهِ :إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِي القُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ

Categories:

1 komentar:

gentong said...

Izin copy untuk materi khotib mas...

Post a Comment

Subscribe to RSS Feed Follow me on Twitter!