Saturday 7 June 2014

Dwi Wahyudi
Wuryantoro, 28 Maret 2014
إِنّ الْحَمْدَ ِللهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
اَللهُمّ صَلّ وَسَلّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وِأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن.
يَاأَيّهَا الّذَيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ حَقّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنّ إِلاّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
يَاأَيّهَا النَاسُ اتّقُوْا رَبّكُمُ الّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَاءً وَاتّقُوا اللهَ الَذِي تَسَاءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَامَ إِنّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا
يَاأَيّهَا الّذِيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْلَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا، أَمّا بَعْدُ …
فَأِنّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ، وَخَيْرَ الْهَدْىِ هَدْىُ مُحَمّدٍ صَلّى الله عَلَيْهِ وَسَلّمَ، وَشَرّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا، وَكُلّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةً، وَكُلّ ضَلاَلَةِ فِي النّارِ.
Kaum muslimin jamaah jum’ah rahimakumullah
Monggo kula panjenengan sami tansah bertakwa dhumateng Allah swt kanthi sak leres-leresipun takwa. Amargi takwa menika badhe dados cahyanipun hidayah. Lan Allah swt sampun nyiptakaken jin kaliyan manungsa menika namung supados beribadah dhumateng piyambakipun. Sok sintena ingkang taat dhumateng Allah swt, Allah badhe paring suwarganipun kangge tiyang-tiyang kasebat. Ugi suwalikipun, sok sinteno ingkang awrat lan mboten purun ngleksanakaken dhawuhipun Allah swt, tiyang menika badhe dipun azab Allah swt.

Kaum muslimin rahimakumullah
Manungsa menika, sinten kemawon tiyangipun, sampun mesthi mboten saged luput saking dosa. Dosa-dosa ingkang kalampahan menika kathah lan macem-macem jenisipun. Saking dosa ingkang alit ngantos dosa ingkang ageng kadosto syirik, riba, lan pembunuhan. Wonten ing babagan dosa menika Allah berfirman
إِنَّ اللهَ لاَيَغْفِرُ أَن يُشْرَكَ بِهِ وَيَغْفِرُ مَادُونَ ذَلِكَ لِمَن يَشَآءُ وَمَن يُشْرِكْ بِاللهِ فَقَدِ افْتَرَى إِثْمًا عَظِيمًا
Sakbenere Allah iku ora bakal ngapurani dosa syirik. Nanging Allah ngampuni dosa sing sak liyani syirik iku marang wong sing dikarepake marang Allah. Sopo wonge sing nyekutokake Allah, mangertio, dheweke iku wis nggawe dosa kang gedhe. (Q. S. An Nisa: 48)
Wonten ing ayat menika Allah swt njelasaken bilih dosa syirik menika mboten badhe diampuni Allah swt kejawi piyantunipun purun taubatan nasuha. Mekaten ugi kaliyan dosa-dosa ageng sanesipun kadosto: dhahar harta riba, pembunuhan, sihir/berhubungan kaliyan jin, lan sanes-sanesipun. Mugi Allah swt tansah njagi kula panjenengan sami saking dosa-dosa besar kala wau. Ewodene dosa-dosa alit, menika saged dipunbusak kanthi amal shalih.
Kaum muslimin rahimakumullah
Dosa-dosa ingkang dipunlampahi manungsa menika kathah jenisipun. Saenggo wonten tiyang ingkang dosanipun kados gunung. Gunung menika ketingal ageng. Ananging sejatosipun menika namung tumpukan saking awu ingkang lembut. Mekaten ugi dosanipun manungsa, sanajan namung dosa-dosa alit, nanging saged ugi dados ageng sak gunung. Ing antawisipun dosa-dosa menika wonten ingkang dipunhasilaken saking manah, lisan, paningal, napa dene saking mirengaken hal-hal ingkang mboten sae.
Sanajan dosanipun anak adam menika segunung, nanging katresnanipun Allah swt menika wiyar sanget. Amargi Allah swt menika Al Ghafur. Allah ingkang Maha Paring Pangapura. Pramila menika, Allah swt mrintahaken dhumateng hambanipun supados nindakaken ketaatan dhumateng Allah supados dosa-dosanipun menika dipun ampuni. Kanjeng Nabi saw bersabda wonten ing hadis qudsi:
وَمَنْ لَقِيَنِى بِقُرَابِ الأَرْضِ خَطِيئَةً لاَ يُشْرِكُ بِى شَيْئًا لَقِيتُهُ بِمِثْلِهَا مَغْفِرَةً
Sing sapa wonge nemoni Aku (Allah) nggowo dosa sak gedhene bumi nanging dheweke iku ora nyembah sakliyane Aku (Allah), Allah bakal nemoni dheweke iku nggowo apura sak gedhene bumi (H. R. Muslim)
Kaum muslimin rahimakumullah
Wonten ing hadis Menika, dipun cethakaken ginanipun tauhid. Tauhid menika namung nyembah, ndonga, nyuwun pitulungan, ngibadah namung dhumateng Allah swt. Mboten nyembah sak sanesipun Allah swt. ,
Wonten ing hadis kala wau, Allah njanjekaken saben tiyang badhe angsal ampunan saking dosa-dosanipun menawi piyambakipun mboten syirik utawi nyembah dhumateng sak sanesipun Allah swt. Wonten ing salebetipun setunggal minggu, wonten kalih dinten, Allah badhe mbusak utawi ngampuni dosa-dosanipun manungsa. Nabi saw bersabda:
 تُفْتَحُ أَبْوَابُ الْجَنَّةِ يَوْمَ الاِثْنَيْنِ وَيَوْمَ الْخَمِيسِ فَيُغْفَرُ لِكُلِّ عَبْدٍ لاَ يُشْرِكُ بِاللَّهِ شَيْئًا إِلاَّ رَجُلاً كَانَتْ بَيْنَهُ وَبَيْنَ أَخِيهِ شَحْنَاءُ فَيُقَالُ أَنْظِرُوا هَذَيْنِ حَتَّى يَصْطَلِحَا أَنْظِرُوا هَذَيْنِ حَتَّى يَصْطَلِحَا أَنْظِرُوا هَذَيْنِ حَتَّى يَصْطَلِحَا
Lawang-lawange suwargo dibukak ing dino senin lan kemis. Saben manungsa kang ora nyekutokake Allah karo apa wae, mula dheweke iku bakal diapura dosane. Kajaba wong kang mungsuhan karo sapadha-padhane. Kanggone wong-wong iku ditetepke “Tundhanen disik kanggone wong-wong (kang mungsuhan) iku nganti padha ngapura-ingapura” (H. R. Muslim)
Hadis menika njelasaken bilih saben mukmin menika badhe dipun ampuni dosa-dosanipun saben dinten senin kaliyan kamis menawi piyambakipun mboten nglampahi dosa-dosa ageng. Lan piyambakipun menika mboten crah kaliyan tiyang sanes.
Kaum muslimin rahimakumullah
Wonten malih amalan ingkang saged mbusak dosa-dosa. Inggih menika shalat lan amalan ibadah ingkang kalampahan kanthi rutin utawi ajeg. Kadosta sholat gangsal wekdal, shalat jumat, pasa ramadhan, lan ugi Azan kanggenipun muadzin lan tiyang ingkang mirengaken lan njawab seruan azan kala wau. Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam bersabda: sok sintena ingkang maos doa menika sasampunipun mireng azan, pramila dipun ampuni dosanipun. Doanipun inggih menika:
أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيكَ لَهُ وَأَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ رَضِيتُ بِاللَّهِ رَبًّا وَبِمُحَمَّدٍ رَسُولاً وَبِالإِسْلاَمِ دِينًا
Kaum muslimin rahimakumullah
Wonten malih amalan ingkang saged mbusak dosa-dosa ingkang sampun kalampahan inggih menika wudhu. Sok sintena tiyang mukmin ingkang wudhu kanthi sempurna, dosa-dosanipun badhe medal kaliyan tumetesipun toya wudhu menika. Menawi wudhu lajeng ngleksanakaken sholat, piyambakipun kados dene bayi ingkang nembe lair ingkang mboten gadhah dosa. Nalikanipun dipun tangleti sahabat ing babagan wudhu, Rasulullah bersabda: Wong kang wudhu banjur kemu, ngresiki irunge kanthi nglebokake banyu marang irunge lan ngetokake maneh, bakal padha gogrog kekhilafan-kekhilafan ing praupane, kesalahan-kesalahan lisane, lan kesalahan-kesalahan saka irunge. Menawa dheweke raup kaya dene kang diprintahake Allah, kesalahan-kesalahane bakal podo tumiba bareng karo tumetese banyu ing pucuk jenggote. Banjur wong iku mbasuh tangane nganti sikut, kesalahan-kesalahan tangane bakal pada tiba bareng karo liwate banyu ing driji-drijine. Banjur menawa dheweke iku  ngusap sirahe, kesalahan-kesalahan saka sirahe bakal tiba bareng karo tumetese banyu saka rambute. Banjur dheweke iku mbasuh sikile nganti polok, lan kesalahan-kesalahan saka sikile iku bakal gogrog liwat driji-driji bareng karo tumetese banyu. Menawa Mukmin iku banjur sholat, lan memuji marang Allah, ngagungake Asmane Allah kanthi pujian lan sanjungan kanggo Allah, lan ngosongake atine kajaba kanggo Allah, dheweke bakal ucul dosa-dosane nganti resik kaya dene wektu dheweke dilairake saka ibune. (H. R. Muslim)
Kaum muslimin rahimakumullah
Menika hadis ingkang kathah ing babagan wudhu lan solat ingkang saged mbusak dosa-dosanipun tiyang mukmin. Wonten ugi amalan ingkang saged ngirangi cathetan dosa kula panjenengan sami inggih menika mlampah dhateng masjid. Lajeng nenggo sholat berjamaah kawiwitan.
Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam bersabda:
لَا يَزَالُ أَحَدُكُمْ فِي صَلَاةٍ مَا دَامَ يَنْتَظِرُهَا وَلَاتَزَالُ المَلَائِكَةُ تُصَلِّي عَلَى أَحَدِكُمْ مَا دَامَ فِي المَسْجِدِ اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لَهُ ؟ اَللَّهُمَّ ارْحَمْهُ مَا لَمْ يَحْدَثْ
Salah sawijine mukmin, bakal dietung kaya dene sholat sakwene dheweke nunggu sholat, lan para malaikat iku tansah ndongakake wong mukmin iku sakwene dheweke ing sajrone mesjid. “Ya Allah, panjenengan ampuni tiyang menika, Ya Allah panjenengan sayangi tiyang menika,” mekaten doane malaikat sakwene tiyang menika mboten berhadas (sunan At Tirmidzi)
Kaum muslimin rahimakumullah
Ingkang pungkasan, babagan amalan ingkang saged mbusak dosa-dosa inggih menika wonten ing seputar ibadah solat. Antawisipun Ngamini surat Al Fatihah ingkang dipun waos imam menawi kula panjenengan nembe solat berjamaah.
إِذَا أَمِنَ الإِمَامُ فَأَمِنُوا فَإِنَّهُ مَنْ وَافَقَ تَأْمِيْنُهُ تَأْمِيْنُ المَلَائِكَةِ غَفَرَ لَهُ مَا تَقَدَّمَ مِنْ ذَنْبِهِ
Menawa imam ngucap amiin, kowe padha ngucapo amin, merga, sapa sing aminne iku bareng karo aminne malaikat, dheweke bakal diampuni dosane kang wis kepungkur. (H. R. Mutafaq ‘alaih)
Amalan sasampunipun solat ugi saged mbusak dosa ingkang sampun kalampahan. Kanjeng nabi bersada: “Sing sapa wonge sak bubare sholat ngucap subhanalloh ping 33, alhamdulillah ping 33, lan allohu Akbar ping 33, mula kabehe dadi 99 lan digenepi dadi 100 kanthi ngucap
لَا إِلَهَ إِلَّا الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ لَهُ المُلْكُ وَلَهُ الحَمْدُ وَهُوَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ
Dosa-dosane bakal diampuni sanajan dosa-dosane iku okehe kaya umpluk ing segoro (H. R. Muslim)
Kaum muslimin rahimakumullah
Menika kala wau amalan sabendinten ingkang saged kula panjenengan lampahi kangge ngringanaken kesalahan-kesalahan kula panjenengan sami. Amargi saben tiyang menika mboten saged uwal saking dosa. Kaliyan amal-amal kala wau, mugi Allah swt kersa paring ampunan dhumateng dosa-dosa kula panjenengan sami. Kanthi mekaten tentunipun, kula panjenengan saget angsal pagesangan ingkang sae ing donya dumugi ing akhirat mbenjang. Amiin. Ya rabbal ‘alamiin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ وَ نَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلأَيَاتِ وَ ذِكْرِ الْحَكِيْمِ
أَقُوْلُ مَا تَسْمَعُوْنَ وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ فَأَسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
Wal ‘ashr. Innal insana lafi khusr.ilalladzina amanu wa’amilushali khati watawa shoubil haq...
Khutbah Kedua:
 الْحَمْدُ لِلّهِ الَّذِيْ أَرْسَلَ رَسُولَهُ بِالْهُدَى وَدِينِ الْحَقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّينِ كُلِّهِ وَلَوْ كَرِهَ الْمُشْرِكُونَ أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ أَمَّا بَعْدُ:
فَيَااَيُّهَا الَّذِيْنَ اَمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ اِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
فَقَالَ تَعَالَى: إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ. يَآأَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ سَيِّدِ الْمُرْسَلِيْنَ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَالتَّابِعِيْنَ *  وَتَابِعِ التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنَ *  وَارْحَمْنَا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ 
اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدُّعَاءِ.
اَللَّهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ، وَأَرِنَا الْبَاطِلَ باَطِلاً وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ
رَبَّنَا لا تُزِغْ قُلُوْبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا، وَهَبْ لَنَا مِنْ لَدُنْكَ رَحْمَةً، إِنَّكَ أَنْتَ الوَهَّابُ.
رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ الخَاسِرِيْنَ.
رَبَّنَا آتِنَا في الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
رَبَّنَا لا تُؤَاخِذْنَا إِنْ نَسِينَا أَوْ أَخْطَأْنَا رَبَّنَا وَلا تَحْمِلْ عَلَيْنَا إِصْراً كَمَا حَمَلْتَهُ عَلَى الَّذِينَ مِنْ قَبْلِنَا رَبَّنَا وَلا تُحَمِّلْنَا مَا لا طَاقَةَ لَنَا بِهِ وَاعْفُ عَنَّا وَاغْفِرْ لَنَا وَارْحَمْنَا أَنْتَ مَوْلاَنَا فَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِينَ
. سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُوْنَ، وَسَلاَمٌ عَلَى الْمُرْسَلِيْنَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ




Categories:

0 komentar:

Post a Comment

Subscribe to RSS Feed Follow me on Twitter!