Sunday 25 August 2013


اَلْحَمْدُ لِلّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَتُوْبُ اِلَيْهِ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ اَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى ءَالِهِ وَاَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. اَمَّا بَعْدُ: فَيَاعِبَادَ اللهِ : اُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَ اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَااَيُّهَا الَّذِيْنَ اَمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ اِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
. يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَآءً وَاتَّقُوا اللهَ الَّذِيْ تَسَآءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَامَ إِنَّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا. يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا. يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا

Jamaah  Jumat Rahimakumullah ..
Sedaya puji namung kagunganipun Allah, pramila mangga kula panjenengan sami tansah memuji syukur dhumateng Allah. Ingkang ngantos wekdal punika kula panjenengan sami tansih pinaringan kathah sanget kenikmatan saenggo gesang kula panjenengan sami saged lumampah kanthi nikmat, mboten wonten alangan setunggal menapa. Shalawat ugi salam mugi katur dhumateng Kanjeng Nabi Salallahu Alaihi Was Salam ingkang mugi-mugi paring syafaat dhumateng kula panjenengan sami wonten ing dinten akhir mbenjang.
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah...
Kula panjenengan sami samenika wonten ing wulan syakban. Kirang langkung setengah wulan malih kula panjenengan sampun badhe mlebet wulan Ramadhan. Pramila langkung sae menawi kula panjenengan sami nyiapaken jasmani kaliyan Ruhani kangge ngadhepi wulan ingkang dipun mulyakaken menika. Saengga, mangke menawi sampun dugi titi wancinipun dumugi wulan ramadhan, kula panjenengan sami saged mendhet hikmah, lan saged mendhet manfaat ingkang sak sae-sae nipun.
Allah ngemutaken wonten ing surat Al Baqarah 197, supados kula panjenengan sami tansah nyiapaken sangu
وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى
“lan padha goleka sangu, kowe kabeh. Sabenere, sangu kang paling apik iku takwa”

Persiapan ingkang saged kula panjenengan lampahi ing wulan syakban menika, kangge ngadhepi wulan ramadhan inggih menika kanthi ngathah-ngathahaken ibadah dhumateng Allah swt. Ibadah napa mawon ingkang saged kita lampahi ing wulan syakban menika? Sejatosipun kathah sanget. Kados dene zikir lan iktikaf, shalat qiyamul lail, siyam senin kamis lan ayyaumul bidh, lan sanes-sanesipun.
Wulan syakban, sejatosipun salah satunggaling wulan ingkang nggadhahi pinten-pinten kautamaan. Ananing kathah tiyang ingkang nglalekaken. Keutamaan wulan syakban menika saged dipun manfaataken kanthi sae kanggene tiyang mukmin.
Rasulullah nate bersabda
Dzalika syahrun yaghfulun naasu ‘anhu, baina rajaba wa ramadhan
Ingkang artosipun:
“Sasi iki sasi sing dilalekake dening sak akehe uwong, yaiku antarane sasi rajab lan ramadhan” (H.R Nasa’i)
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah...
Keutamaanipun wulan syakban inggih menika, ingkang sepindhah: wulan syakban menika wulan dipun angkat sedaya amal manungsa. Rasulullah Saw. Nate bersabda:
Wa huwa syahrun fa’u tsaru fiihi i’malu ila rabbihi ‘alal ‘arsy

Ingkang artosipun: “ing sasi iki amal perbuatan manungsa diangkat marang Allah Rabb semesta alam.” (H. R an Nasai)
Miturut hadis menika, Wulan syakban inggih menika wulan kangge nglapuraken sedaya amal kula panjenengan sami dhumateng Allah. Sedaya catetan amal tindak tanduk kula panjenengan sami badhe dipun angkat, dipun lapuraken dhumateng Allah.
Para sahabat nate tanglet dhumateng rasulullah: “ya Rasulullah, kula kok mboten nate ngertos panjenengan siyam langkung kathah saking wulan syakban, sak sanesipun Ramadhan? Kenging menapa Rasulullah?” lajeng rasul ngendika: “sasi iki sasi sing akeh wong podho nglalekake, yaiku antarane rajab karo ramadhan. Ing sasi iki kabeh tindak-tanduk lan amal kesaenan saben-saben manungsa iku bakal diangkat dilapurake marang Allah. Mula aku pengin menawa amalku diangkat, aku pas lagi pasa.”
Mekaten jawabanipun rasulullah.
Hadis menika paring pitedah dhumateng kula panjenengan sami supados ngathah-ngathahaken ibadah ing wulan syakban menika. Amargi amal kesaenan kula panjenengan sami dipun angkat dhumateng Allah. Saengga nalikanipun amal kula panjenengan dipun lapuraken, kula panjenengan sami taksih wonten kondhisi kathah ibadahipun.
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah...
Kautamaan ingkan kaping kalih inggih menika: Wontenipun malam nisfu syakban
Nisfu syakban inggih menika malam pertengahan wulan syakban. Ing malam nisfu syakban menika mboten wonten amalan ibadah khusus ingkang dipun contohaken rasulullah. Ananging kula panjenengan saged mengisi malam nisfu syakban menika kanthi ibadah ingkang kathah kados dene kula panjenengan ngisi malam lailatul qadar. Kula panjenengan saged zikir, sholat tahajud, maos al quran lan sak piturutipun. Wonten ing salah satunggaling Hadits Rasulullah bersabda: “Sejatine Allah mriksa ing saben malam nisfu syakban. Banjur Allah ngampuni saben-saben makhluke, kajaba sing berbuat syirik utawa sing lagi padudon karo sedulure.” (H. R. Bukhari).
Ing hadis menika Rasulullah nerangaken bilih Allah badhe mriksa setunggal mboko setunggal kawontenan makhlukipun. Lajeng Allah badhe ngampuni tumindak awon saking makhlukipun amargi Allah menika Maha Paring Pangapura. Ananging Allah mboten badhe ngampuni tiyang-tiyang ingkang nyembah lan ngabekti dhumateng sak liyanipun Allah. Ugi Allah mboten badhe ngampuni tiyang-tiyang ingkang padha padudon kalih sedherekipun.
Ing dalu nishfu syakban menika tentunipun amalan kula panjenengan ugi dipun priksa. Tentunipun Allah badhe remen sanget dhumateng kula panjenengan sami menawi kula panjenengan ngathahaken ibadah ing dalu menika.  Pramila mangga ngathahaken ibadah ing malam nishfu syakban khususipun, lan ngathahaken ibadah ing salaminipun wulan syakban menika.

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah...
Kautaman ingkang kaping tiga inggih menika: Wulan syakban dipun sunahaken ngathah-ngathahaken siyam sunah.
mugi-mugi kula panjenengan angsal rahmat saking Allah swt. Saenggo kula panjenengan saged ngathah-ngathahaken amalan ibadah ing wulan syakban menika. Saengga kita dados tiyang ingkang Muttaqin. Amin. Amin... ya rabbal ‘alamin.
بَارَكَاللهُلِيْوَلَكُمْفِيالْقُرْآنِالْكَرِيْمِوَنَفَعَنِيْوَإِيَّاكُمْبِمَافِيْهِمِنَاْلأَيَاتِوَذِكْرِالْحَكِيْمِوَتَقَبَّلَمِنِّيوَمِنْكُمْتِلاَوَتَهُ - أَقُوْلُ قَوْلِي هَذا أَسْتَغْفِرُ اللهَ إِنّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرّحِيْمِ

Khotbah Kedua
اَلْحَمْدُلِلَّهِالَّذِيْهَدَانَالِهَذَاوَمَاكُنَّالِنَهْتَدِيَلَوْلاَأَنْهَدَانَااللهُ. أَشْهَدُأَنَّلاَإِلَهَإِلاَّاللهوَحْدَهُلاَشَرِيْكَلَهُ. وَأَشْهَدُأَنَّمُحَمَّدًاعَبْدُهُوَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّصَلِّعَلَىمُحَمَّدٍوَعَلَىآلِهِوَأَصْحَابِهِوَمَنْتَبِعَهُمْبِإِحْسَانٍإِلَىيَوْمِالدِّيْنِ. أَمَّابَعْدُ؛-   فَيَاأَيُّهَاالْمُؤْمِنُوْنَ،اِتَّقُوااللهَحَقَّتُقَاتِهِ……
فَقَالَتَعَالَى: إِنَّاللهَوَمَلاَئِكَتَهُيُصَلُّوْنَعَلَىالنَّبِيِّ. يَآأَيُّهَاالَّذِيْنَآمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِوَسَلِّمُوْاتَسْلِيْمًا
اَللَّهُمَّصَلِّوَسَلِّمْعَلَىسَيِّدِنَامُحَمَّدٍسَيِّدِالْمُرْسَلِيْنَ،وَعَلَىآلِهِوَصَحْبِهِوَالتَّابِعِيْنَ *  وَتَابِعِالتَّابِعِيْنَلَهُمْبِإِحْسَانٍإِلَىيَوْمِالدِّيْنَ *  وَارْحَمْنَامَعَهُمْبِرَحْمَتِكَيَاأَرْحَمَالرَّاحِمِيْنَ
اَللَّهُمَّاغْفِرْلِلْمُسْلِمِيْنَوَالْمُسْلِمَاتِ،وَالْمُؤْمِنِيْنَوَالْمُؤْمِنَاتِاْلأَحْيَاءِمِنْهُمْوَاْلأَمْوَاتِ،إِنَّكَسَمِيْعٌقَرِيْبٌ.-…اَللَّهُمَّأَرِنَاالْحَقَّحَقًّاوَارْزُقْنَااتِّبَاعَهُ،وَأَرِنَاالْبَاطِلَباَطِلاًوَارْزُقْنَااجْتِنَابَهُ-. رَبَّنَاآتِنَافِيالدُّنْيَاحَسَنَةًوَفِيالآخِرَةِحَسَنَةًوَقِنَاعَذَابَالنَّارِ. رَبَّنَاهَبْلَنَامِنْأَزْوَاجِنَاوَذُرِّيَّاتِنَاقُرَّةَأَعْيُنٍوَاجْعَلْنَالِلْمُتَّقِينَإِمَامًا
رَبَّنَا لا تُؤَاخِذْنَا إِنْ نَسِينَا أَوْ أَخْطَأْنَا رَبَّنَا وَلا تَحْمِلْ عَلَيْنَا إِصْراً كَمَا حَمَلْتَهُ عَلَى الَّذِينَ مِنْ قَبْلِنَا رَبَّنَا وَلا تُحَمِّلْنَا مَا لا طَاقَةَ لَنَا بِهِ وَاعْفُ عَنَّا وَاغْفِرْ لَنَا وَارْحَمْنَا أَنْتَ مَوْلاَنَا فَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِينَ
. سُبْحَانَرَبِّكَرَبِّالْعِزَّةِعَمَّايَصِفُوْنَ،وَسَلاَمٌعَلَىالْمُرْسَلِيْنَوَالْحَمْدُلِلَّهِرَبِّالْعَالَمِيْنَ
عِبَادَاللهِ،-إِنَّاللهَيَأْمُرُكُمْبِالْعَدْلِوَاْلإِحْسَانِ-وَلَذِكْرُاللهِأَكْبَر
Categories:

0 komentar:

Post a Comment

Subscribe to RSS Feed Follow me on Twitter!