Sunday 25 August 2013


Assalamu'alaikum wr. wb.
اَلْحَمْدُ لِلّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَتُوْبُ اِلَيْهِ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ اَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى ءَالِهِ وَاَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. اَمَّا بَعْدُ: فَيَاعِبَادَ اللهِ : اُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَ اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَااَيُّهَا الَّذِيْنَ اَمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ اِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
. يَاأَيُّهَاالنَّاسُاتَّقُوْارَبَّكُمُالَّذِيْخَلَقَكُمْمِّنْنَفْسٍوَاحِدَةٍوَخَلَقَمِنْهَازَوْجَهَاوَبَثَّمِنْهُمَارِجَالاًكَثِيْرًاوَنِسَآءًوَاتَّقُوااللهَالَّذِيْتَسَآءَلُوْنَبِهِوَاْلأَرْحَامَإِنَّاللهَكَانَعَلَيْكُمْرَقِيْبًا. يَاأَيُّهَاالَّذِيْنَءَامَنُوااتَّقُوااللهَوَقُوْلُوْاقَوْلاًسَدِيْدًا. يُصْلِحْلَكُمْأَعْمَالَكُمْوَيَغْفِرْلَكُمْذُنُوْبَكُمْوَمَنْيُطِعِاللهَوَرَسُوْلَهُفَقَدْفَازَفَوْزًاعَظِيْمًا.
Kaum Muslimin Jamaah Jum’ah Rahimakumullah.
Saderengipun, monggo kula panjenengan sami dados tiyang ingkang kasebat “abdan syakura”, inggih menika tiyang ingkang bersyukur dhumateng Allah swt, kanthi ngleksanakaken perintahipun ugi nebihi awisanipun. Napa malih kalodhangan menika, kula panjenengan dipunpanggihaken kaliyan wulan ramadhan. Wulan ingkang istimewa, wulan ingkang kebak barokah.Saengga, kula panjenengan sami saged ngisi wulan menika kanthi amalan ingkang sae. Ampun ngantos saliminipun ramadhan menika, kula panjenengan menyia-nyiakan wekdal. Amargi setiap detik salaminipun ramadhan menika, saget dados pahala ingkang kathah sanget. Sedetik ibadah ing wulan ramadhan, pahalanipun saged langkung kathah saking ngibadah pinten-pinten dinten ing wulan sasanesipun ramadhan.
Kaum muslimin, jamaah jumah...wonten ing tengah-tengah wulan ramadhan menika, keistiqamahan kula panjenengan diuji. Napa taksih semangat kados dene ing awal ramadhan. Pripun shalat kula panjenengan, pripun siyam kula panjenengan, pripun ibadah kula panjenengan, napa taksih semangat kados dene ing awal ramadhan... Ampun ngantos kula panejengan samenika ing tengah-tengah ramadhan niki malah kelangan semangat. Ketelasan energi kangge ibadah. Awit sepertelon ramadhan ingkang pungkasan menika mangke, nggadhahi keistimewaan ingkang langkung ageng malih.

Kaum muslimin, jamaah shalat jumat ingkang minulya,
Ing awal ramadhan ingkang sampun kalampahan, kula panjenengan dipun uji ugi saking Allah kanthi perbedaan permulaan puasa. Wonten ingkang wiwit puasa dinten selasa, wonten ingkang wiwit puasa dinten rabu. Mugi kita saged mendhet hikmah saking perbedaan menika. Kasunyatan, bentenipun wiwitan pasa menika mboten ndadosna crah ing antawisipun umat islam ing Indonesia. Malah menika saged kangge pelajaran supados kula panjenengan sami tansah ningkataken ukhuwah islamiyah. Saling menghormati, saling menyayangi, mboten wonten padudon, mboten wonten perpecahan. Mugi-mugi kawujud ingkang kadosta unen-unen “perbedaan adalah rahmat.”
Kaum muslimin, jamaah shalat jumat ingkang minulya,
Ukhuwah islamiyah panci kedah dipun jagi salaminipun. Napa malih kula panjenengan sami dados saudara ingkang seiman. Islam sampun ngatur lan paring rambu-rambu ngengingi ukhuwah utawi persatuan lan persaudaraan menika wonten ing firman Allah Surat Al Hujurat ayat 10:
إِنَّمَا الْمُؤْمِنُونَ إِخْوَةٌ فَأَصْلِحُوا بَيْنَ أَخَوَيْكُمْ وَاتَّقُوا اللهَ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُونَ
“Sabenere wong-wong kang mukmin iku isih sedulur, mulane leremen, damaikna antarane sedulur-sedulurmu lan takwao marang Allah supaya kowe kabeh oleh Rahmat.” (Q. S. Al Hujurat: 10)

Pasederekan ingkang dipun sambung saking ajaran Islam menika mboten saged dipunraosaken kejawi dening tiyang-tiyang ingkang beriman. Tiyang ingkang gesangipun sampun lamur kaliyan kadonyan, mboten badhe saged ngraosaken endahipun lan nikmatpun pesederekan utawi ukhuwah islamiyah menika. Kathah tiyang ingkang ngumpul, srawung, mennjalin kedekatan ananging namung badhe pados kadonyan. Wonten ugi ingkang ngumpul, srawung, lajeng bersekutu nanging namung adhedhasar ikatan geografis, politik, suku, lan sansesipun. Ikatan ingkang adhedhasar kados mekaten menika mboten badhe saged mujudaken kedamaian, kebahagiaan, rasa saling mencintai, kados dene ingkang kawujud saking ukhuwah islamiyah. Sampun dipun garisaken dening Allah swt, sok sinteno ingkang sambung reraketan amargi kadonyan, mulo ikatan niku wau badhi dipun pisahaken dening kadonyan ugi. Kadonyan saged kanthi gampil misahaken, malah saged ugi ndadosna crah lan bengkerengan. Nanging Pasederekan ingkang adhedhasar iman lan islam, insya Allah menika badhe kasambung ngantos dumugi ing Akhirat.
Kaum muslimin, jamaah shalat jumat ingkang minulya,
Tiyang-tiyang ingkang ngumpul, nyawiji, lan pasederekan amargi Iman lan Islam ing akhirat mbenjang nalikaniipun sedaya tiyang dipunkempalaken ing padhang mahsyar, badhe angsal naungan, eyup-eyup saking Allah swt amargi iman lan tresnanipun. Nanging tiyang-tiyang ingkang nyambung pasederekan namung merga kadunyan, mbenjang ing akhirat piyambakipun badhi saling membenci, saling melaknat antara setunggal lan setunggalipun. Kahanan Ingkang kados mekaten menika dipungambaraken Allah wonten ing surat Az Zukhruf ayat 67:
اْلأَخِلآءُ يَوْمَئِذٍ بَعْضُهُمْ لِبَعْضٍ عَدُوٌّ إِلاَّ الْمُتَّقِينَ
“Kanca-kanca akrab (sawene ing donya), ing dina kuwi ana sebagian kang dadi mungsuh kanggone liyane. Kajaba wong-wong kang bertakwa.”
Ayat menika gamblang njelasaken, menawi ing dinten mahsyar, nalikanipun kahanan panas sanget, srengenge dipun celak aken, kringet dados banjir ingkang saget nglilepaken, malah wonten tiyang-tiyang ingkang mungsuhan. Dene tiyang-tiyang ingkang beriman lan bertakwa ing wekdal niku, nyawiji, angsal eyub-eyub saking imanipun. Pramila mangga kula panjenengan sami, tansah njagi pasederekan, kekerabatan, ingkang dipun dhasari amargi sami-sami tiyang ingkang beriman lan bertakwa dhumateng Allah.
Wonten ing salah satunggalingh Hadits Rasulullah bersabda:
“Ora diarani wong kang beriman salah sawijine saka kowe, menawa durung nresnani marang sedulure kang se-iman kaya dene dheweke nresnani awake dhewe.”
Kaum muslimin, jamaah shalat jumat ingkang minulya,
Supados ukhuwah islamiyah, pasederekan sesama muslim niku saged kawujud, wonten syarat lan landasan ingkang kedah dipunwujudaken.
Setunggal, kedah ikhlas kerana Allah. Dados pasederekan kalih tiyang ingkang seiman menika mboten kawujud namung merga anggadhahi melik. Lan kedah dipun bebasaken saking kepentingan lan keuntungan pribadi.
Ingkan kaping kalih, kedahdhasari kaliyan iman lan takwa,
Ingkang kaping tiga, kedah komitmen utawi estu-estu anggenipun ngleksanakaken ajaran Islam.

Kaum muslimin, jamaah shalat jumatingkang dipun rahmati Allah
Menika kala wau babagan ukhuwah islamiyah. Mugi-mugi kula panjenengan sami saged mujudaken ukhuwah islamiyah wonten ing tataran lingkungan kula panjenengan sami, wonten ing tataran dusun napa dene desa. Saged menahan hawa nepsu saking dendam lan amarah ingkang saged mawon dipun picu namung saking perbedaan. Amargi, pertikaian, perpecahan menika perkawis ingkang awon. Allah berfirman:
وَأَطِيعُوا اللَّهَ وَرَسُولَهُ وَلا تَنَازَعُوا فَتَفْشَلُوا وَتَذْهَبَ رِيحُكُمْ وَاصْبِرُوا إِنَّ اللَّهَ مَعَ الصَّابِرِينَ
“lan taato marang Allah lan Rasule, lan kowe kabeh aja pada bantah-bantahan, sing ndadekake kowe pada wedi lan ilang kekuwatanmu, lan pada sabaro. Sabenere Allah iku tansah karo wong-wong kang sabar.”
Tansah wonten pihak-pihak ingkang mboten ridha kaliyan wontenipun perbedaan-perbedaan. Perbedaan awal ramadhan, perbedaan idul fitri, perbedaan rakaat salat tarawih, perbedaan pelaksanaan tarawih: sekawan-sekawan napa kalih-kalih, lan perbedaan-perbedaan sanesipun. Tansah wonten pihak-pihak ingkang dereng saged nampi wontenipun perbedaan-perbedaan kala wau. Nanging kula panjenengan dados tiyang ingkang beriman, dipun dhawuhi Allah supados bersabar, mboten nglanggati perdebatan, mboten nglanggati bantahan-bantahan. Dipun kiat-kiataken kesabaranipun lan mboten nglanggati menawi diajak berdebat utawi berbantah-bantahan saking pihak sanes, insya Allah Allah bersama kita, Allah tansah sumandhing, mbimbing tiyang-tiyang ingkang sabar lan iman. Lan mugi-mugi kula panjenengan angsal rahmat saking Allah swt. Saenggo kula panjenengan saged lulus, saking ramadhan kanthi gelar tiyang ingkang Muttaqin. Amin. Amin... ya rabbal ‘alamin.
بَارَكَاللهُلِيْوَلَكُمْفِيالْقُرْآنِالْكَرِيْمِوَنَفَعَنِيْوَإِيَّاكُمْبِمَافِيْهِمِنَاْلأَيَاتِوَذِكْرِالْحَكِيْمِوَتَقَبَّلَمِنِّيوَمِنْكُمْتِلاَوَتَهُ - أَقُوْلُ قَوْلِي هَذا أَسْتَغْفِرُ اللهَ إِنّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرّحِيْمِ

Khotbah Kedua
اَلْحَمْدُلِلَّهِالَّذِيْهَدَانَالِهَذَاوَمَاكُنَّالِنَهْتَدِيَلَوْلاَأَنْهَدَانَااللهُ. أَشْهَدُأَنَّلاَإِلَهَإِلاَّاللهوَحْدَهُلاَشَرِيْكَلَهُ. وَأَشْهَدُأَنَّمُحَمَّدًاعَبْدُهُوَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّصَلِّعَلَىمُحَمَّدٍوَعَلَىآلِهِوَأَصْحَابِهِوَمَنْتَبِعَهُمْبِإِحْسَانٍإِلَىيَوْمِالدِّيْنِ. أَمَّابَعْدُ؛-   فَيَاأَيُّهَاالْمُؤْمِنُوْنَ،اِتَّقُوااللهَحَقَّتُقَاتِهِ……
فَقَالَتَعَالَى: إِنَّاللهَوَمَلاَئِكَتَهُيُصَلُّوْنَعَلَىالنَّبِيِّ. يَآأَيُّهَاالَّذِيْنَآمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِوَسَلِّمُوْاتَسْلِيْمًا
اَللَّهُمَّصَلِّوَسَلِّمْعَلَىسَيِّدِنَامُحَمَّدٍسَيِّدِالْمُرْسَلِيْنَ،وَعَلَىآلِهِوَصَحْبِهِوَالتَّابِعِيْنَ *  وَتَابِعِالتَّابِعِيْنَلَهُمْبِإِحْسَانٍإِلَىيَوْمِالدِّيْنَ *  وَارْحَمْنَامَعَهُمْبِرَحْمَتِكَيَاأَرْحَمَالرَّاحِمِيْنَ
اَللَّهُمَّاغْفِرْلِلْمُسْلِمِيْنَوَالْمُسْلِمَاتِ،وَالْمُؤْمِنِيْنَوَالْمُؤْمِنَاتِاْلأَحْيَاءِمِنْهُمْوَاْلأَمْوَاتِ،إِنَّكَسَمِيْعٌقَرِيْبٌ.-…اَللَّهُمَّأَرِنَاالْحَقَّحَقًّاوَارْزُقْنَااتِّبَاعَهُ،وَأَرِنَاالْبَاطِلَباَطِلاًوَارْزُقْنَااجْتِنَابَهُ-. رَبَّنَاآتِنَافِيالدُّنْيَاحَسَنَةًوَفِيالآخِرَةِحَسَنَةًوَقِنَاعَذَابَالنَّارِ. رَبَّنَاهَبْلَنَامِنْأَزْوَاجِنَاوَذُرِّيَّاتِنَاقُرَّةَأَعْيُنٍوَاجْعَلْنَالِلْمُتَّقِينَإِمَامًا
رَبَّنَا لا تُؤَاخِذْنَا إِنْ نَسِينَا أَوْ أَخْطَأْنَا رَبَّنَا وَلا تَحْمِلْ عَلَيْنَا إِصْراً كَمَا حَمَلْتَهُ عَلَى الَّذِينَ مِنْ قَبْلِنَا رَبَّنَا وَلا تُحَمِّلْنَا مَا لا طَاقَةَ لَنَا بِهِ وَاعْفُ عَنَّا وَاغْفِرْ لَنَا وَارْحَمْنَا أَنْتَ مَوْلاَنَا فَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِينَ
. سُبْحَانَرَبِّكَرَبِّالْعِزَّةِعَمَّايَصِفُوْنَ،وَسَلاَمٌعَلَىالْمُرْسَلِيْنَوَالْحَمْدُلِلَّهِرَبِّالْعَالَمِيْنَ
عِبَادَاللهِ،-إِنَّاللهَيَأْمُرُكُمْبِالْعَدْلِوَاْلإِحْسَانِ-وَلَذِكْرُاللهِأَكْبَر
Categories:

0 komentar:

Post a Comment

Subscribe to RSS Feed Follow me on Twitter!