Thursday 3 September 2020

 

الْحَمْدُ ِللهِ الَّذِيْ خَلَقَ الْمَوْتَ وَالْحَيَاةَ لِيَبْلُوَكُمْ أَيُّكُمْ أَحْسَنُ عَمَلاً وَجَعَلَ لِلْوُصُوْلِ إِلَيْهِ طَرَائِقَ وَاضِحَةً وَسُبُلاً , وَنَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ , شَهَادَةً نَرْجُوْبِهَا عَالِيَ الْجَنَّاتِ نُزُلاً , وَنَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ , أَقْوَمُ الْخَلْقِ دِيْنًا وَأَهْدَاهُمْ سُبُلاً , صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَعَلَى أَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَالتَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِإِحْسَانٍ , وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ.

يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالأََرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا.

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلاً سَدِيدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا.

أَمَّا بَعْدُ؛ فَإِنَّ أَصْدَقَ الْحَدِيثِ كِتَابُ اللهَ، وَخَيْرَ الْهَدْيِ هَدْيُ مُحَمَّدٍ صَلَّى الله عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَشَّرَ الأُمُورِ مُحْدَثَاتُهَا وَكُلَّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلَّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةٌ وَكُلَّ ضَلاَلَةٍ فِي النَّارِ. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.

Jamaah Jumat Rahimakumullah,

Salah satunggale wekdal, Rasulullah nate dipunsuwuni priksa saking salah setunggaling shahabat, "Wahai Rasulullah punapa mungkin Allah badhe nurunaken azab dhumateng masyarakat menawi ing salebete masyarakat wau taksih wonten tiyang-tiyang ingkang shalih?" Lajeng Rasulullah mangsuli, "Iya, menawa tindak maksiyat wis ngambra-ambra." Para shahabat tamtunipun kaget, nanging menika sabdanipun Kanjeng Nabi, ingkang mboten mungkin dibantah. Dene ing kesempatan ingkang sanes Rasulullah ngendika:

إِنَّ اللَّهَ عَزَّ وَجَلَّ لَا  يُعَذِّبُ الْعَامَّةَ بِعَمَلِ الْخَاصَّةِ حَتَّى يَرَوْا الْمُنْكَرَ بَيْنَ ظَهْرَانَيْهِمْ وَهُمْ قَادِرُونَ عَلَى أَنْ يُنْكِرُوهُ فَلَا يُنْكِرُوهُ فَإِذَا فَعَلُوا ذَلِكَ عَذَّبَ اللَّهُ الْخَاصَّةَ وَالْعَامَّةَ

Sejatine Allah ora bakal menehi azab marang masyarakat merga tumindak (mungkar) saka salah sawijine pawongan ing masarakat iku wae, nanging menawa nganti masarakat ndeleng kemunkaran kedadeyan ing sak ngarepe, lan dheweke ora nyegah sanajan sejatine dheweke bisa nyegah. Yen kaya mengkono, Gusti Allah bakal paring azab masyarakat kanthi rata, sakaligus wong-wong mau.” (H.r. Ahmad lan Thabrani).

Menawi dipun penggalih, hadits kala wau sejatosipun ngemutaken kula panjenengan sami bilih Allah badhe paring azab kanthi rata dhumateng salah satunggale kaum utawi masyarakat, menawi sedaya masyarakat kala wau sampun acuh tak acuh, utawi mendel dhumateng kemungkaran ingkang lumampah, mboten usaha nyegah kanthi lisanipun, kuwasanipun, utawi kanthi manahipun. Kanjeng nabi ugi bersabda kaitanipun kemungkaran kaliyan amar makruf nahi mungkar kados dene tiyang ingkang wonten ing salebetipun kapal. Rasulullah ngendika:

“Gambarane wong kang nindakake amar makruf nahi mungkar lan wong kang nindakake kemugkaran iku saumpama wong-wong kang pada numpak kapal bebarengan. Ana sawetara penumpange kang manggon ing dhuwur, ana sawetara penumpang kang manggon ing ngisor. Nalika penumpang ing ngisor mbutuhake banyu, dheweke kudu munggah menyang dhuwur. Mula salah sawijine ana sing celathu: “Ayo mbolong wae saka papan ngisor iki, rasah ngganggu wong-wong sing ana ndhuwur”. Menawa wong-wong iku dinengke wae nglakoni tumindak iku (mbolongi kapal kanggo njupuk banyu), mula kabeh penumpange bakale klilep. Nanging, menawa wong-wong iku dielingake, mesthine kabeh penumpange bakale slaemet.” (H. R. Bukhari)

Jamaah rahimakumullah,

Katrangan ing hadits menika nggambaraken bilih saben kemungkaran, kemaksiatan ingkang kedadosan ing masyarakat, lan sedaya sami mendel kemawon, mboten wonten ingkang ngemutaken, sejatosipun menika bebaya ingkang badhe dumugi. Tiyang tiyang shaleh napa malih tiyang ingkang tebih saking ketaatan, badhe nemahi bebaya ingkang badhe dumugi. Nanging sejatosipun, bebaya ingkang kados mekaten sampun Allah emutaken ing firmanipun:

وَاتَّقُوا فِتْنَةً لَا تُصِيبَنَّ الَّذِينَ ظَلَمُوا مِنْكُمْ خَاصَّةً وَاعْلَمُوا أَنَّ اللَّهَ شَدِيدُ الْعِقَابِ

Jaganen awakmu saka siksa kang ora mung dirasakne wong-wong kang zalim wae. Mangertio menawa Allah iku abot siksane.” (Q. S. Al Anfal: 25)

Jamaah rahimakumullah,

Ayat kasebat nerangaken bilih bebaya menika mboten naming dipunturunaken dhumateng tiyang zalim kemawon, ananging ugi dumateng sedaya masyarakat. Sanadyan ing masyarakat kala wau taksih wonten tiyang-tiyang ingkang shallih. Pramila menika, kula panjenengan sami ampun ngantos nganggep remeh lan kados dene nganggep lumrah/biasa menawi wonten kemaksiatan ing salebetipun masyarakat. Kula panjenengan sami nggadhahi kewajiban ngrubah kemungkaran lan kemaksiatan menika. Kula panjenengan sami sak kiyat-kiyatipun sanajan naming remeh utawi sepele, kedah wonten usaha supados kemungkaran mboten ngambra-ambra. Supados kemaksiatan mboten samsaya ndadi. Supados tumindak ala mboten dados pakulinan ingkang dipun anggep biasa. Kados dene sabdanipun Kanjeng Nabi:

مَنْ رَأَى مِنْكُمْ مُنْكَرًا فَلْيُغَيِّرْهُ بِيَدِهِ فَإِنْ لَمْ يَسْتَطِعْ فَبِلِسَانِهِ فَإِنْ لَمْ يَسْتَطِعْ فَبِقَلْبِهِ وَذَلِكَ أَضْعَفُ الإِيمَانِ

“Sing sapa wonge ndeleng kemungkaran, kudune dheweke ngubah kanthi tangane, menawa ora mampu , kanthi lisane, menawa isih ora mampu, kanthi atine. Ananging iku mertandani tipise iman.” (H.R. Muslim)

 

Wonten ing hadis kala wau, nerangaken dhumateng kula panjenengan sami bilih kanggenipun tiyang ingkang nggadhahi kuwasa, dados pangarsa, panguwasa, kedahipun pangkat lan kedudukanipun ndadosno sarono kangge nyegah kemaksiatan. Menika ingkang dipunwastani ing hadits “nyegah kanthi tangane”. Ewodene mboten saget, amargi mboten nggadhahi kuwaos, kedahipun nyegah kemungkaran kanthi lisanipun. Ngemutaken kanthi lisan utawi tulisan. Paring nasihat, arahan, lan bimbingan. Nasihat arahan utawi pangemut kanthi cara ingkang sae-sae.  Nanging menawi dipunnasihati, dipun arahaken, dipunemutaken kanthi sae-sae mboten mempan. Saget kanthi ingkang langkung ngenani. Supados langkung keraos pangemutipun. Naning menawi pangemut menika sampun mboten dipunanggep, dipunsepelekaken, kemaksiatan lan kemungkaran taksih lumampah, kedahipun nyegah kanthi manah. Kula panjenengan saget ndonga dhumateng Allah swt. Lan ampun ngantos manah kula panjenengan sami lajeng nganggep kemungkaran menika hal ingkang lumrah, mpun biasa. Manah kula panjenengan sami kedah wonten raos mboten setuju kalian tumindak kemaksiatan kala wau. Menika ingkan dipunwastani ing hadits: “ngubah kanthi atine”.

Jamaah rahimakumullah,

Menawi manah sampun mboten wonten raos serik lan nolak nalikanipun mirsani kemungkaran, malah kados dene nganggep lumrah, utawi malah ndhukung kemungkaran kala wau, menika sampun cekap ndadosaken dosa. Amargi imanipun sampun mboten sensitif dhumateng kemaksiatan. Malah permisif, utawi kados-kados ngizinaken kemungkaran lumampah. Kadang malah kanthi alesan ingkang macem-macem: toleransi, hak asasi, mboten pengin nyampuri urusanipun tiyang sanes, menika alibi utawi alesan ingkang sering dipun agem, nalika wonten kemungkaran nanging mendel utawi mboten wonten usaha kangge nyegah. 

Kala rumiyin, kedadosan ing Bani Israil, ingkang dipunserat Allah ing AL Quran:

لُعِنَ الَّذِينَ كَفَرُوا مِنْ بَنِي إِسْرَائِيلَ عَلَى لِسَانِ دَاوُودَ وَعِيسَى ابْنِ مَرْيَمَ ذَلِكَ بِمَا عَصَوْا وَكَانُوا يَعْتَدُونَ (78) كَانُوا لَا يَتَنَاهَوْنَ عَنْ مُنْكَرٍ فَعَلُوهُ لَبِئْسَ مَا كَانُوا يَفْعَلُونَ

“Wis dilaknat wong-wong kafir Bani Israil kanthi lisan Daud lan Isa putrane Maryam. Sing kaya mengkono iku, disebabake dheweke padha duraka marang Allah lan ngluwihi wates. Dheweke padha ora nglarang menawa tumindak mungkar sing ditindakake. Sejatine ala sak ala-alane apa sing dilakoni wong-wong iku.” (Q. S. AL Maidah: 78-79)

Jamaah rahimakumullah, Pramila menika kula panjenengan sami, mangga tansah nasihat-menasihati, ngemutaken ingkang tumindak mboten sae. Lan tansah ajak-ajak dhumateng kesaenan. Mugi-mugi kula panjenengan sami kagolong tiyang-tiyang ingkang berdakwah ing marginipun kanjeng Nabi Muhammad saw. Kagolong tiyang ingkang nyambung lisanipun Kanjeng Nabi, Lan angsal syafaat ing yaumul akhir mbenjang. Aamiin.

 

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْانِ الْعَظِيْمِ , وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلأَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ , أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ الله َلِيْ وَلَكُمْ وَلِكَافَةِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ , فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

 

إِنَّ الْحَمْدَ للهِ نَحْمَدُهُ وَ نَسْتَعِيْنُهُ وَ نَسْتَغْفِرُهُ وَ نَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَاِلنَا  مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَ مَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ وَ أَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسُوْلُهُ . اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. أَمَّا بَعْدُ؛-   فَيَا أَيُّهَا الْمُؤْمِنُوْنَ، اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

فَقَالَ تَعَالَى: إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ. يَآأَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ سَيِّدِ الْمُرْسَلِيْنَ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَالتَّابِعِيْنَ *  وَتَابِعِ التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنَ *  وَارْحَمْنَا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ

اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدُّعَاءِ.

اَللَّهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ، وَأَرِنَا الْبَاطِلَ باَطِلاً وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ

رَبَّنَا لا تُزِغْ قُلُوْبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا، وَهَبْ لَنَا مِنْ لَدُنْكَ رَحْمَةً، إِنَّكَ أَنْتَ الوَهَّابُ.

رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ الخَاسِرِيْنَ.

رَبَّنَا آتِنَا في الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.

رَبَّنَا لا تُؤَاخِذْنَا إِنْ نَسِينَا أَوْ أَخْطَأْنَا رَبَّنَا وَلا تَحْمِلْ عَلَيْنَا إِصْراً كَمَا حَمَلْتَهُ عَلَى الَّذِينَ مِنْ قَبْلِنَا رَبَّنَا وَلا تُحَمِّلْنَا مَا لا طَاقَةَ لَنَا بِهِ وَاعْفُ عَنَّا وَاغْفِرْ لَنَا وَارْحَمْنَا أَنْتَ مَوْلاَنَا فَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِينَ

. سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُوْنَ، وَسَلاَمٌ عَلَى الْمُرْسَلِيْنَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَlli\

Categories:

0 komentar:

Post a Comment

Subscribe to RSS Feed Follow me on Twitter!