Tuesday 12 November 2013


الْـحَمْدُ لِلهِ الَّذِي خَلَقَ كُلَّ شَيْء فَقَدَّرَهُ تَقْدِيْرًا وَأَتْقَنَ مَا شَرَعَهُ وَصَنَعَهُ حِكْمَةً وَتَدْبِيْرًا، وَأَشْهَدُ أَنْ لاَّ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَكَانَ اللّهُ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرًا، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ أَرْسَلَهُ إِلَى الْـخَلْقِ بَشِيْرًا وَنَذِيْرًا وَدَاعِيًا إِلَى اللهِ بِإِذْنِهِ وَسِرَاجًا مُنِيْرًا، صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ وَسَلَّمَ تَسْلِيْماً كَثِيْرًا.
أمَّا بَعْدُ: أَيُّهَا النَّاسُ اتّقُوْا رَبَّكُمْ واعْلَمُوْا مَا لِلهِ مِنَ الْـحِكْمَةِ الْبَالِغَةِ فِيْ تَعَاقُبِ الشُّهُوْرِ وَالأَعْوَامِ.
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ.
يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالأََرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا
Ikhwani fiddin Jamaah jumat rahimakumullah,
Monggo kula panjenengan sami tansah bersyukur dhumateng Allah ingkang taksih manggihaken kula panjenengan sami kaliyan dinten jumat, lan taksih paring keimanan lan kesehatan saengga kula panjenengan sami saged ngleksanakaken kewajiban arupi shalat jumat ingkang saged ngresiki dosa-dosa kula panjenengan sami sawene seminggu ingkang sampun kalampahan. Pramila rugi sanget lan badhe angsal dosa menawi kaum muslim taksih pinanggih dinten jumat nanging mboten nglodhangaken wekdal kangge nglampahi sholat jumat. Mugi sholat jumat ingkang badhe kita laksanakaken menika estu saged ngresiki dosa kula panjenengan sami seminggu kepengker. Amin.
Jamaah jum’ah rahimakumullah ...
Wekdal ingkang terus lumampah kados dene mboten kraos bilih kita sami samenika sampun ngancik warsa Enggal inggih menika tahun 1435 H. Menika artosipun sampun 1435 tahun Rasulullah kaliyan kaum muslimin hijrah saking Mekah dhateng Medinah. Hiijrahipun Rasulullah kaliyan kaum muslimin menika  sejatosipun perintah saking Allah swt, saengga kaum muslimin langkung sekeca angsalipun gesang bebrayan ing masyarakat lan langkung sekeca anggenipun berdakwah ajak-ajak dhumateng kesaenan. Dakwahipun Rasulullah lan kaum  muslimin menika, pranyata saged mujudaken negari ingkang tentrem, guyub rukun rakyatipun, amanah pejabatipun, subur makmur buminipun. Negari menika estu-estu dados negari ingkang dipun berkahi Allah swt , wonten ing kutha Madinah dados negari ingkang Madani. Salah satunggaling kunci ingkang saged ndadosaken negari menika diberkahi Allah swt inggih menika menawi sedaya pendhudhukipun sami ngleksanakaken sholat.
  Jamaah jum’ah rahimakumullah ...
Sholat saged nyegah saking tumindak ingkang keji lan kemungkaran. Sholat ugi saged nuwuhaken tentreming batin, saged ndadosaken tenang ruhani, nebihaken kegelisahan lan keresahan, lan sholat saged dados wasilah ingkang badhe nulung kita sami saking sedaya permasalahan hidup. Allah berfirman:
يَآأَيُّهَا الَّذِينَ ءَامَنُوا اسْتَعِينُوا بِالصَّبْرِ وَالصَّلاَةِ
“Hai wong-wong kang beriman dadekno sabar lan solat kanggo nulungi awakmu” (Q. S. Al Baqarah:153)
Wodene ing surat Al Ankabut: 45 dipunsebataken:
وَأَقِمِ الصَّلاَةَ إِنَّ الصَّلاَةَ تَنْهَى عَنِ الْفَحْشَآءِ وَالْمُنكَرِ
“Lan leksanakno sholat, mergo sakbenere sholat iku bisa nyegah saka tumindak keji lan kemungkaran”
Ing salah satunggaling hadits ingkang dipunriwayataken Ahmad dipun sebataken:
“Lan saben-saben ana masalah, Kanjeng nabi mesthi ngleksanake sholat” (HR. Ahmad
Amargi sholat menika dados komunikasi antawisipun manungsa kalih Gustinipun. Jumeneng ngleksanakaken sholat menika saged paring pengaruh kesaenan dhumateng ruh lan ugi kesaenan dhumateng pagesangan ing masyarakat.
Jamaah jumah rahimakumullah...
Saben tiang mukmin kedahipun pirsa menawi shalat menika tiang agama. Sholat menika ugi dados garis pemisah ingkang mbentenaken antawisipun kufur kaliyan iman. Kedudukan sholat menika kados dene mustaka kanggenipun raga. Menawi manungsa menika mboten saged gesang tanpo mustaka, agama inggih mboten wujud menawi mboten solat. Ananging kita pirsani kahananipun wekdal sakmenika, bilih kathah tiyang islam ingkang ngakunipun beriman nanging nyepelekaken sholat utawi mboten ngleksanakaken sholat. Audzubilahi min dzalik...
 Jamaah jum’ah rahimakumullah ...
Kedahipun kula panjenengan bingah amargi Allah taksih paring hidayah kangge kula panjenengan sami saengga kula panjenengan sami saged rajin ngleksankakaken sholat. Ananging kula panjenengan sami kedah pirsa bilih tiyang ingkang sholat ugi tansah mirsani kualitas sholatipun. Tansah ningkataken kualitas solatipun. Kedah nyekapi syarat-syaratipun, rukun-rukunipun, adab-adabipun. Amargi kathah ugi tiyang-tiyang ingkang kirang pangertosanipun ndadosaken sholatipun mboten saged mbeto manfaat kados dene ingkang kasebat kathah ing Al Quran ugi Hadits. Wonten ing Musnad Ahmad dipunsebataken: “Wong kang paling ala nyolonge yaiku wong kang nyolong sebagian saka sholate” (Al Musnad bab 5)
Ingkang dipunmaksud inggih menika tiyang ingkang sholat nanging mboten nyempurnakaken rukukipun, sujudipun kirang tuma’ninah, lan kados keseso.
Jamaah jum’ah rahimakumullah ...
Wonten pinten-pinten hal ingkang perlu dipunwigatosaken wonten ing masalah solat menika:
1. Bersuci secara lahir dan batin. Sholat menika mboten tinampi menawi mboten bersuci.Pramila saben badhe solat kula panjenengan ugi keda wudhu rumiyin. Sasampunipun berwudu kedahipun kula panjenengan ngresiki batin saking hal-hal kadonyan. Kedahipun estu-estu jiwa lan raga menika badhe dipunpanggihaken dhumateng Allah swt. Saenggo kekhusyukan sholat menika saged dipunraih.
2. Menghadap ke kiblat. Kiblatipun umat islam inggih menika Kakbah wonten ing Masjidil Haram. Tiyang ing salebetipun masjidil haram kedah tepat madhep dhaten kiblat.
3. Menutup aurat. Menutup aurat menika dados salah satunggaling syarat sah sholat. Artosipun, sholatipun tiyang menka mboten sah menawi mboten nutup aurat. Auratipun kaum hawa inggih menika sedaya badan kejawi praupan kaliyan epek-epek. Wodene auratipun kaum adam menika saking puser ngantos dhengkul.
4. Merapikan shaf (Barisan). Wonten ing riwayat ingkang shahih dipunsebataken bilih nabi SAW ngrapekaken shaf nalikanipun kanjeng nabi dados imam.
“Kalian benar-benar merapikan barisan kalian, atau Allah benar-benar akan membuat wajah-wajah kalian berselisih.’’ ( HR. Al-Bukhari, 717 dan Muslim, 436 )
5. Inti lan ruhipun sholat inggih menika khusyu’.
Allah berfirman :
قَدْ أَفْلَحَ الْمُؤْمِنُونَ الَّذِينَ هُمْ فِي صَلاَتِهِمْ خَاشِعُونَ
Artosipun : “sejatine bakale untung wong kang beriman, yaiku wong-wong kang khusyu; ing sholate.”
 (QS. Al-Mukminun :1-2)
Khusyu menika mboten saged dipungayuh kalih tiyang-tiyang ingkang males, lan awrat ngleksanakaken sholat. Khusyu menika mboten saged dipungayuh kalih tiyang-tiyang ingkang keseso. Khusyuk ugi mboten saged dipungayuh dening tiyang-tiyang ingkang mboten estu-estu anggenipun sholat.
Pramila tiyang ingkang solat menika kedah ngleksanakaken kanthi entheng bersemangat,  mboten keseso lan ngati-ati supados khusyukipun sholat menika saged estu-estu dipun raosaken manfaatipun ingkang sae wonten ing pagesangan kula panjenengan sami.

Jamaah jumah rahimakumullah...
Tumakninah ing salebetipun sholat ugi mboten angsal dipun tilar. Tumakninah menika menghadirkan ruh wonten ing sholat. Saengga salebetipun sholat menika, kula panjenengan leres-leres kados dene menghadap ing ngarsanipun Allah swt. Ing salebetipun sholat menika kula panjenengan saged mbucal lintasan-lintasan pikiran ingkang bersifat duniawi.
Wonten masalah tumakninah menika Nabi saw, nate ngendika dhumateng sahabatipun ingkang shalat nanging ketingal mboten sae margi keseso. Kanjeng nabi bersabda:
“Balenono solatmu,  mergo sakbenere kowe durung shalat” ( H. R Bukhari)
6. Kewajiban mengikuti imam.
Kanjeng Nabi bersabda: “sakbenere imam iku dienekne supaya diturut” (H. R. Bukhari)
Dados, makmum mboten pareng langkung ngajeng saking imam. Utawi mboten pareng ndhisiki gerakanipun imam. Amargi ingkang kados mekaten menika dados hal ingkang mbatalaken solat.
Imam Ahmad nate ngedika: “Ora Sah solate wong kang ndhisiki gerakane imam”
Jamaah jumat rahimakumullah....
Monggo kula panjenengan sami tansah ningkataken kualitas sholat kita.  Amargi sholat dados sarono koumikasi kaliyan Alloh swt. Menawi kula panjenengan ningkataken kesaenan sholat insya Alloh Allah badhe ningkataken kesaenan ing pagesangan kula panjenengan sami. Ugi suwalikipun, sejatosipun kehancuran, kemunduran peradaban menika kedadeyan saking kathahipun manungsa ingkang mboten migatosaken hubunganipun utawi komunikasinipun kaliyan Allah swt.
Inggih namung dhumateng Allah swt kula panjenengan tansah nyenyuwun mugi-mugi kula panjenengan dipun tambahi hidayahipun saengga kula panjenengan saget ningkataken kualitas sholat kita. Lan sholat kita menika saged ndadosaken kesaenan ing pagesangan kita ing masyarakat bangsa lan negara... amin
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْانِ الْعَظِيْمِ , وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلأَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ , أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ الله َلِيْ وَلَكُمْ وَلِكَافَةِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ ,--- فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
Khotbah Kedua
إِنَّ الْحَمْدَ للهِ نَحْمَدُهُ وَ نَسْتَعِيْنُهُ وَ نَسْتَغْفِرُهُ وَ نَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَاِلنَا  مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَ مَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ وَ أَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسُوْلُهُ . اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. أَمَّا بَعْدُ؛-   فَيَا أَيُّهَا الْمُؤْمِنُوْنَ، اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
فَقَالَ تَعَالَى: إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ. يَآأَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ سَيِّدِ الْمُرْسَلِيْنَ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَالتَّابِعِيْنَ *  وَتَابِعِ التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنَ *  وَارْحَمْنَا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ.-… اَللَّهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ، وَأَرِنَا الْبَاطِلَ باَطِلاً وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ-. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَا لا تُؤَاخِذْنَا إِنْ نَسِينَا أَوْ أَخْطَأْنَا رَبَّنَا وَلا تَحْمِلْ عَلَيْنَا إِصْراً كَمَا حَمَلْتَهُ عَلَى الَّذِينَ مِنْ قَبْلِنَا رَبَّنَا وَلا تُحَمِّلْنَا مَا لا طَاقَةَ لَنَا بِهِ وَاعْفُ عَنَّا وَاغْفِرْ لَنَا وَارْحَمْنَا أَنْتَ مَوْلاَنَا فَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِينَ
. سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُوْنَ، وَسَلاَمٌ عَلَى الْمُرْسَلِيْنَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ












Subscribe to RSS Feed Follow me on Twitter!